Jumat, 02 Januari 2015

Skenario Kethoprak (Randha Gairah)

Adegan 1
Fisualisasi kemesraan antara calon arang(hamil besar) dan suaminya . tiba-tiba suaminya ditarik para wanita yang meminta pertanggung jawaban suaminya. Lalu setelah berebut akhirnya calon arang terjatuh dan suaminya di bawa oleh para wanaita tersebut ke kerajaan kahuripan.

Situasi : peteng,remang-remang, bermasraan romantis
Setting : kamar dan ruang tamu
Tokoh: Calon arang, Suami, 4 Wanita


Calon arang
:
“oalah Gusthi, ning kauripan menika menapa boten wonten tiang jaler sanes? Saingga kathah para wanita ingkang badhe ngrebut garwa kula? ( calon arang ngadek, ngelapi luhe)
 Heh titanana  para wanita kauripan, awakmu bakalan ora duwe bojo, merga wong lanang ing kauripan iki bakal mala saka aku. TITENANA!”


Adegan 2
Keterangan
Rakyat ngumbahi lan padha rasan-rasan ngenani penyakit kang dialami para priya, ora let suwe ratna manggali teka ngawa wakul arep umbah-umbah. Nalika ratna manggali nyedak, para rakyat pada ngadohi lan ninggal ratna manggali. Ratna manggali ing kana dewean lan ora let suwe calon arang teka ngomongi ratna manggali.

Setting: kali
Tokoh: rakyat 4, Ratna manggali, Calon Arang
Suasana : gayeng, sedih , Haru


Keterangan
:
Pada ngrumpi ninng ngarepan sakbubare nyapu  ngresiki halaman omah,,,, uuga ana sing bar mepeni kumbahan.

Divya
:
Yu dar aku nelangsa saiki

Godavary
:
(meres kumbahan) napa napa? Nelangsa nangapa ta

Divya
:
Saiki aku wis rak dijamah bojoku

Godavary
:
Lho kok bisa….. penyakiten yae kowe yu


Rondiyah teka (gawa sayuran meh masak)


Yogita
:
Hele…. Hele…. Pada dongeng apa ta kok ketok.e gayeng banget melu melu (melu lungguh bareng darmi lan sumiran)

Divya
:
Galao aku yu…..

Yogita
:
Heleh kaya cah nom, wis pada mambu lemah wae isihb pada galao barang i

Godavary
:
Yo rak popo a….. ngece temen ta kowe hah….. “sakitnya tu disini “ hahaha…..(nunjuk bokong)

Divya
:
Aku ki bingung ya yu.....

Godavary
:
Piye piye jane ana apa?

Divya
:
Pirang pirang dina iki aku ora di emek bojoku

Godavary
:
Lha kok bisa yu? Kowe ora memuaskan yae heheh

Divya
:
Kurang apa jal yen dipikir aku ki ya wis pas, kabeh wis tak enggo saka godhong suruh nganti godhong gedhang ya tak enggo

Godavary
:
La awakmu kleru kok yu.... ya tlutuhen. Malah pliket a........

Yogita
:
Brrrrsrsrrs tenan ah, malah do clelekan. Piye piye yu sum?

Divya
:
Nha iku a, aku tenan wis gag di mek marang bojoku

Yogita
:
Maksude ora di mek iku ora dimek apane lah? Sing cetha ta

Divya
:
Ya sekabehane pokok.e lah ya ora kudu tak sebutake.

Godavary
:
Aku ya ora kok.... sante lho yu sum, sampeyan ana kancane

Yogita
:
Lho kok awakmu barang i..... jane ana apa ta marang bojo- bojone dhewe? Apa ana sing salah ya?

Divya
:
Lho lho dene si sampeyan barang.....
Yen jare bojoku hawane ki ora kepenak (kukur kukur rambut)

Godavary
:
Apane sing ora kepenak?

Divya
:
Sekabehane....
Awake jare nggreges, ning awake ora panas. Gatel ning ora ana bentol-bentol.e
Ngelu sirahe jare

Godavary
:
Iya pada yen ngono kui a
Padahal kabeh wis tak resiki, kamar,wc kabeh wis tak resiki . sangking gregeten aku sprey tak ganti saben sedina pisan. Ning isih tetep kaya mengkono iku

Divya
:
Ah ndak nganti ngono kui (lebay kuwi)

Godavary
:
Iyo a, gen ketok ki lho yen q bener bener ngumat bojo

Yogita
:
Yen aku tah ora......ya kaya padatane mangan ta cawisake, ning sing marakake bingung kui beras ning ngomah mulai tipis jalaran bojoku rak golek duit . ya kerana iki ta.

Godavary
:
Ndak kowe reti yu ..... kenangapa iki ya?

Divya
:
Geg geg jalaran wong desa iki durung slametan babagan panen kala dek wingi ya yu?

Yogita
:
Dak rasa ora yu.... merga sing kena ki wong lananng-lanang sing wis gedje umure ki.
La terus kira kira ana apa ya?

Kalpana
:
Elah.... elah ana apa ta kok gayeng banget ki?

Yogita
:
Rak popo (judes)

Kalpana
:
Kok kowe judes men yog .... apa salahku teka teka mbok judesi

Divya
:
Wis wis iki malah da cuthakan i..... ngene yem iki lagi pada dongengan babagan kahanane bojone dewe-dewe sing penyakiten ning ora dimangerteni penyakite jalaran apa lan apa sinng nyebabake.

Kalpana
:
Yen aku mikir iki kabeh ki gaweyane calon arang.

Divya
:
Lho kowe kok bisa nuduh sing kaya mengkono kuwi apa dasarmu...?
Aja nuduh malah mengko dadi fitnah lho

Kalpana
:
Ncen kok sapa amneh ning desa ngene sing kejem kan wong kui ta.
Anake durung dadi manten nganti umure semene.
Iku sing dadi msababe

Divya
:
Lha kok nyambunge tekan ratna manggali wi karepe piye

Kalpana
:
Kowe ki goblok apa pintere klewat ta,
Saben jaka sing arep nakokake ratna kan wedi karo mbokne. Kabeh pada ditolak. Akhore para muda padha kuciwa ta banjur sapa bae sing nakokake amung dolanan ora kanggo tenanan.


Padha gayeng bercerita tentang penyakit yang diderita suami-suami mereka datanglahratna manggali yang akan mencuci pakaian di kali dengan membawa peralatancething  berisikan kumbahan kotor


Ratna manggali
:
E para kanca.... kok kayaegayeng banget anggone dedongengan ....padha cerita apa?entokgabung ?


Kedatangan manggali disambut sinis olehke empat rakyat tadi (hanya plirikan sinis) yang diperlihatkan merekaserta pada ngrumpi sendiri- sendiriserta tidak perduli akan kedatangan ratna manggali.


Kalpana
:
div... hawane kok ya wis ora kepenak ya  ana kali kene...

Divya
:
Ora kepenak piye ?

Kalpana
:
(ngedepi divya ) ana anake penyihir sing ora laku-laku nganti saiki...

Divya
:
Oh..... iya iya.... wis tua ora payu rabi heh (sinis semu nyawang ratna manggali)

Yogita
:
Ayo pada budal wae aja sui sui ana kene , mundakketularan sial... dadi tanggane wae wis sial apa maneh cedhak cedhak tambah sial mengko
Ayo... ayo...


Wong papat mau padhalunga ninggalke ratna manggali dewean ( ratna manggali meneng ndeprok ana pinggirkali eluhe ntreces)


Ratna manggali
:
Duh gusti, menapa kula salah gusti? ( nangis memelas ning pinggir kali)


Ratna nangis ana pinggir kali teka calon arang (ibuk.e sing lagi nglurumanggali)


Calon arang
:
Nduk putriku manggali.
Ana kene jebul nduk... tak luru kawit mau ko (nyawang matane manggali banjur nyekeljanggute manggali) kowenangista cah ayu?

Ratna manggali
:
Boten tu biang.... menika wau namung klilipen lebu mawon.

Calon arang
:
Klilipen kok nganti ngono.... klilipen lombok po piye kok nganti abing ngono.
Ana apa tanduk ceritaha marangtu biang!

Ratna manggali
:
Tu biang ....
Menapa tadosa kita? Saben dinten dipun damel kembang lambe dening tiang desa,mepa kula salah tu biang?

Calon arang
:
Ora nduk cah ayu....

Ratna manggali
:
Kula pun anggep lare tukang teluh, saengga ngantos umur sakmenten dereng ayu rabi tu biang. Menapa menika leres?

Calon araang
:
Sing kanda sapa?

Ratna manggali
:
Boten penting ingknag matur sinten tu biang, kula boten trima menawi tu biang dipun ina kaliyan warga kampung. Menawi kula botenmenapa anganing rontok manah kula menawi tubiang pun asoraken.

Calon arang
:
(ngambung lan meluk ratna manggali) kene nduk.... tak kandani.. aja mbok rungokkna apa sing dikandakakae wargakene, wong kene ora padha reti apa sing kedadeyan saktemene. Wis ora papa yen tubiang diasorake.
Tu biang trima pancen mengkoono kahanane.
Saiki sing paling penting kowe.

Ratna manggali
:
Nanging tu biang ( eluh e ntrocoh)

Calon arang
:
Wis nduk (ngusap matane manggali)
Kowe bakal urip tentre, senenglan prasaja ora kaya tu biang nduk


ADEGAN 3

Rembugan antara baradah dan bahula tentang nasip warga yang terkena penyakit (baradah elamun dan menyanyikan tembang yang berisikan penderitaan rakyat , setelah itu bahula datang dan mereka menceritakan n merencanakan sesuatu.

Setting : pelatara/ taman


Baradah
:
” iya, kudu dheweke, pancen bocah kuwi kang bisa iya, …iya”

Bahula
:
(bahula dating tiba-tiba)“paman Baradah.”

Baradah
:
eh, bahula, tak antu-antu tekanmu jare,
kene… kene lungguh kene bahula

Bahula
:
“Inggih paman. Wanci dalu paman nimbali kula kamangka paman taksih gerah, wonten werdi menapa paman nimbali kula?”

Baradah
:
Bahula, larane ragaku ora sepiraa ketimbang larane para nayaka praja kang nandang penyakit. ya bengi iki wektu kang prayoga kanggo ngomongake ontran-ontran kang kedaden ing kerajaan iki.


Bahula
:
Kados pundi paman?


Baradah           
:
awakmu lak ya wis ngerti apa kang dilakokake dining Calon arang marang Kerajaane awake dhewe iki ta?

Bahula
:
(meneng karo mikir) damel penyakit dumateng para nayaka praja paman.

Baradah
:
iya , bener kandhamu kuwi Bahula. Pacoban kang kaya mengkana kuwi gaweane Calon Arang, wingi aku sowan marang gusti prabu airlangga. Ing kana gusti raja matur yen ta ana cara kanggo ngalahake calon arang


Bahula
:
”kados pundi caranipun paman,?”


Baradah
:
” carane kuwi ana ing awakmu bahula.”

Bahula
Baradah
Bahula
:
” kula paman?”
:: “iya awakmu bahula.”
: “ kenging menapa kedah kula paman?”

Baradah
:
Critane ngene, calon arang iki lagi golek jodho kanggo anake Ratna manggali. Lha awit saka kuwi aku ngakon awakmu melu sayembara kanggo ngentukake ratma manggali, banjur awakmu nglamar ratna manggali ana ing padepokane Calon Arang!”


Bahula
:
 Boten, paman. Menika sanes karampungan malah bakal saya damel katah masalah paman.


Baradah
:
genea ?


Bahula
:
“menawi kula ngamar ratna manggali menapa boten malah damel geger paman awit kula saking kerajaan Airlangga, ingkang musuhipun Calon arang”


Baradah           
:
“ora bahula, awakmu mengko kudu nyamar. Aku ananne milih awakmu amarga saka rupa lan kapinteranmu kuwi kang digoleki calon arang. Bahula!”


Bahula
:
banjur menawi kula sampun menang lan sampun nglamar ratma manggali paman?


Baradah
:
sawise awakmu nglamar Ratna manggali banjur jupuken kitab lontare calon arang kang disimpen ana ing njero kamare anake yaiku ratna manggali.


Bahula
:
nagging paman, kula boten…..


Baradah
:
wis  bahula kabeh pekara iki tak wenehake awakmu, tak kira awakmu wis bisa milih kang apik kanggo Kerajaan iki( baradah lunga ninggalake) Bahula)


Bahula
:
paman baradah…..



:
wis  bahula kabeh pekara iki tak wenehake awakmu, tak kira awakmu wis bisa milih kang apik kanggo Kerajaan iki( baradah lunga ninggalake) Bahula)

ADEGAN 4

Adegan bahula dan wedawati yang berrayu rayuan dan datangnya para emban yang menghibur wedawati.
Setting : taman
Suasana: romantis, tegang, gayeng
Properti: taman romantis . sapu alat-alat kebersihan (untuk paraemban)


Wedawati
:
Wis teka ta kakang?


Bahula
:
Wedawati


Wedawati
:
Apa kakang?


Bahula
:
Aku sengaja nemoni kowe ana kene


Wedawati
:
Yen daksawang tekamu sajak nggawa polatan kang sumringah (mesem), sorot mripatmu nyunarake pralambang atimu kang lagi bungah, apa ya ngono kakang Bahula?


Bahula
:
Hm..hm.hm..bener kowe…aku lagi bungah, kabungahan kang sejatine mengku jejibahan kang luwih abot, Wedawati.


Wedawati
:
ana apa ta kakang saktemene? Cerita nyang aku


Bahula
:
Wis lah dimas ayu sing paling tak tresnani wis ora susah mbahas babagan kui, e kepiye kabarmu dimas? Wis pirang pirang dina iki aku ora ketemu sliramu rasane kaya sewindu dimas.


Wedawati
:
Healah (isin semu lingsem) ana ana wae kang.... kang... senengane kok ya nggombal. Wis rak mandi gombalanmu kang (mlengos manja)


Bahula
:
(narik mesra tangane wedawati) is.... is jan bocah ayu pujaningsun..
Ngono kui lho sing marakake aku kangen, jan jan..... hieh wis rak kuat aku (sajak gemes)


Wedawati
:
Yen suk aku lan sliramu wus rabi duwe anak banjur gawe istana ana nduwuring wulan kae lho kang( nunjuk langit)


:
Lho... lho ko ana rembulan ki ta dhi... aja lah.
Yen aku malah kepingin duwe anak lima lanang kabeh gen kaya pandhawa sing mikul dhuwur mendhem jero marang wong tua.




Wedawati
:
Kok hawai iku  lahpo kang?


Bahula
:
Iya ta dhi yen pas sliramu lunga kan aku bisa weruh sing ayu ayu ana pantai tha dhi. (guyu ngece nggodha)


Wedawati
:
(njiwit wetenge Bahula) hieh berarti ana niatan pingi bareng karo liyan ..... owalah apik ya ya..... hmmmm apik kang (nesu tenan)


Baradah
:
(ngetokake kembang saka mburi) yen iki tak kekke sing liya piye?


Wedawati
:
Aja....... iku kanggo aku (ngguyu neh)


Baradah
:
Ngene dhi.... saktemene aku arep ngomong bab kang wigati banget di,


Wedawati
:
Apa ta kangmas? Sajake kok penting nganggo banget.... apa kakang





Baradah
:
Ngene dhi ngenani pagebluk kang ana desa girah iki .... aku duwe tanggung jawab kanggo ngrampungi iki kabeh


Wedawati
:
Aku kok bingung apa sing mbok karepake  kang?


Baradah
:
Ngene dhi.... pagebluk iki sing nyebabake calon arang... mangka aku kudu golek dalan kanggo ngrampungi iki kabeh kanthi dalan mateni arang... sijine dalan yaiku aku kudu ngrabi anake ratna manggali supaya aku bisa ngerti carane.


Wedawati
:
(mulai sedih) meneng ntrocos eluhe


Baradah
:
Dhi.... aku kudu piye dhi?


Wedawati
:
(meneng sarwa mikir) ya kabeh tak balikke marang sampeyan kang......


Baradah
:
Ya wis dhi yen iku dadi jawabmu ateges aku kudu milih salah siji dhi..... (loss lunga)



Wedawati galau eluhe ntrocos lungguh ana pinggiran rasane ora karuan  (teka emban emban)


emban 1
:
Heh... yu kuwi kancane dewe lagi ngapa kae dewean kaya wong ilang

Emban 2
:
Lagi latihan kethoprak yae kae  , ekspresi kaya sing di latih pak sunging de ingi kae lho

Emban 3
:
Dene ngono? Orak ya.........

Emban 2
:
Sotoy kowe........ deloken nhu kae  lambene kaya mangan sambel nhu pwedes meni ketok.e

Emban 1
:
Wis wis rak sah dongengan dewe........... saiki di delok wae ana apa saktemene.

Emban 2&3
:
Ayo.... ayo....

Emban 1
:
Da........ kenangapa?

Wedawati
:
(meneng gedheg-gedheg)

Emban 1
:
Heh ro, lu ayo padha joged wae gen wedawati ora sedih neh (jejogedan lagu yg bisa buat goyang) improve


ADEGAN 5

Adegan pengumuman pemenang sayembara ratna manggali yang terpilihbahula
Setting : padepokan calon arang
Pemain: calon arang , ratna manggali, bahula, prajurit2 dan kadidat kadidat yang akang di beri pengumuman


Calon arang
:
Hahaha enak banget yen urip kaya mengkene terus .... adem adem...
Heh kowe para mudha sapa bae sing bakale tak pilih dadi mantuku kudu bisa gawe aku seneng sing kaya mengekene iki hahhhahaha.......


Ratna Manggali
:
Kula nderek remen tu biang.... mbok bilih tu biang menika remen


Calon Arang
:
Nduk putriku cah ayu..... iki kabeh kanggo kowe , kabeh kasenengan iki jalaran uripmu bakal tentrem ning sesandingan karo priya sing dak pilih iki nduk


Ratna manggali
:
Maturnuwun tu biyang.... (manja nglendot marang calon arang)


Calon arang
:
Ratna.... ratna (suasana aksih sayang antara ibu dan anak)





Lagi manja-manjaan dengan anaknya tiba tiba abdi arang datang membawa laporan


Abdi arang
:
Nuwun sewu kanjeng ratu...... sakmenika wonten rakyat ingkang badhe sowan wonten ngarsanipun panjenengan


Calon arang
:
Ana butuh apa ...... rene kon mlebua



Abdi arang keluar memanggil rakyat

Calon arangp
:
Hahha...... (nunjuk pangeran-pangeran sing kepingin minang ratna manggali) kowe.... kowe.... lan kowe pada duweni keahlian apa kanggo nglamar putriku sing ayu iki heh?



Abdi calon arang masuk, dengan membawa bahula



Abdi arang
:
Menika tiang ingkang badhe ngadep panjenengan ratu (mempersilahkan bahula untuk menghadap calon arang)


Bahula
:
Kula ingkang sowan kanjeng ratu....


Calon arang
:
Ya.... sapa kowe bocah gagah?


Bahula
:
Kula bahula, kula kala wingi nderek sayembara . ananging wekdal menika kula telat anggenipun soan dhateng kanjeng ratu jalaran taksih ngayahi jejibahan sanes ingkang boten saget pun tilar kanjeng.


Calon arang
:
Oh iya.... iya aku lali ya wis gabung a marang kanca-kancamu


Bahula
:
Inggih ratu maturnuwun (sembah lalu duduk bareng peserta yang lain)



(calon arang tarik napas daawa lan meh ngumumake sapa satriya sing pantes dadi sesandingan kanggo putrine)



Calon arang
:
(tangane ngawe awe abdine) rene abdi arang


Abdi arang
:
Sendika kanjeng (maju)


Calon arang
:
Wacakna sing lantang sapa sing  menang saka sayembara iki


Abdi arang
:
(manthuk) njupuk kertas sing digawa arang
Tarik napas
Saka sekabehane siing tak biji sing duwe hak nggarwa anakku manggali yaiku BAHULA. (semua pada tepuk tangan)


ADEGAN 6

Gandrungan bahula dan ratna manggali
Seting  : kamar
Suasana  : romantis, tegang, bingung gundah
Pemeran : ratna manggali dann bahula


Baradah
:
Manggali....... saiki sliramu wis dadi sesandinganku. Piye rasaning batinmu cah ayu


Manggali
:
(isin isin sarwa ngguya ngguyu) he.... he


Baradah
:
Iya aku paham rasamu


Manggali
:
Kakang..... ngguya ngguyu.


Baradah
:
Apa manggali....



Visualisasi adegan ranjang


Bahula
:
Manggali, si Adhi katon sedhih banget, sakpatine Ni Dyah?


Ratna Manggali
:
Kakang, ya amung Ni Dyah kancaku, amung Ni Dyah kang bisa ngerteni ing desa Girah kene,saiki ni Dyah tumekeng pati kena lelara pageblug.


Bahula
:
Manggali, pun kakang ora tega yen saben dina mung mulat yayi kebegan sungkawa. Siji mbaka siji kanca kang mbok tresnani bakal ninggalake si Adhi.
Mula yayi, mbuh piye carane si Adhi lan pun kakang kudu bisa nyirep pageblug lan ngendakake tumindake Calon Arang ya ibumu.


Ratna Manggali
:
Banjur piye carane kakang, apa kakang bisa ngasorake kasektene Tu Biang?


Bahula
:
Aku ora bakal bisa ngasorake Calon Arang.


Ratna Manggali
:
Yen ngono kakang Airlangga salah pilih utusan?


Bahula
:
Ora Manggali, Calon Arang bisa takendakake yen ta aku bisa ngerteni sumber kasektene Calon Arang?


Ratna Manggali
:
Sumber kasekten…


Bahula
:
Apa si Adhi mangerteni?


Ratna Manggali
:
Aku ora pitaya?....apa kitab lontar kang saben bengi diwaos Tu Biang?


Bahula
:
Ing ngendi papane kitab lontar kuwi Manggali?


Ratna Manggali
:
(Cuma menggelengkan kepala)


Bahula
:
Si Adhi kudu ngrewangi pun kakang ngupadi kitab lontar kuwi Manggali…


Ratna Manggali
:
Banjur yen bisa ketemu, arep kokapakake kitab lontar mau?


Bahula
:
Bakal dakaturake Gusti Prabu Airlangga. Ing Kahuripan akeh para paranpara kang wikan bab kitab-kitab kuno. Yen isine kitab lontar bisa dimangerteni mesti pageblug bosa disirep lan wong-wong pradesan bisa diusadani saka lelara.


Ratna Manggali
:
Banjur Tu Biang? Apa Tu Biang bakal diperjaya?


Bahula
:
Ora Manggali, Calon Arang amung disowanake Gusti Prabu Airlangga, ya mung Gusti Prabu kang wenang matrapi pidana Calon Arang?


Ratna Manggali
:
Tu Biang seje wong jahat…kena apa kudu dipatrapi pidana?


Bahula
;
Banjur kok arani apa pakartine ibumu kang nyebar teluh gawe pepati! Ratna, wus akeh pepati ing ngendi-ngendi papan, ora ngemungake ing desa Girah kene nanging nganti tekan kutha praja Kahuripan, nanging kowe malah meneng wae ana ing ngendi rasa kamanungsanmu manggali!


Ratna Manggali
;
Ibuku ora luput! Aku tresna Tu Biang… aku ora reti dununge kitab lontar.


Bahula
;
Ratna! (Sambil meraih tangan Ratna Manggali yang akan pergi)


Ratna Manggali
:
Aku bakal dadi anak duraka, kang tega njegurake ibuku dewe ing juranging kabilahen.


Bahula
:
Manggali, Airlangga iku salah sawijining raja. Raja kudu bisa ngayomi kawula kanthi cara ndhisikake keperluane sadhengah ketimbang keperluan pribadhi, sanadyan aku ngerti iku abot tumprape Gusti Prabu awit kang nandang luput ibune dhewe.


Ratna Manggali
:
Aku dudu raja… aku dudu Airlangga… dadi aku ora nduwe tanggung jawab perkara iki.


Bahula
:
Ora duwe kandamu?… angkara mangambra-ambra ing jagad, kabeh manungsa kang jiwa luhur nduweni tanggung jawab nyirep angkaraning jagad. Yenta wong kang nduweni jiwa luhur pada meneng wae kaya sira ateges tindak angkara bakal nguwasani jagad. Aku ora ngerti sebab apa sira ora gelem bebantu pun kakang ngendhakake pakartine Calon Arang.


Ratna Manggali
:
Calon Arang iku Ibuku… aku jejering anak kudu bekti marang wong tuwa.


Bahula
:
Iku ora cukup kanggo pawadan! Ratna, pun kakang ngerti yenta satemene si adhi iku luhur bebudene, aku ngerti yenta ing rasamu ana perang batin kang gedhe ing antarane bekti marang wong tua apa memayu hayuning bawana.


Ratna Manggali
:
Banjur aku kudu priye kakang?


Bahula
:
Ratna, gedhene rasa tresnamu marang Tu Biang iku bener, ning kliru caramu anggone mapanake rasa tresna.


Ratna Manggali
:
Klirune mapan ana ngendi?


Bahula
:
Klirune si adhi ora gelem atur pemut marang Tu Biang kang tumindak nasar amung kebranang rasa serik. Tresnane si Adhi kang eman pada karo njlomprongake Tu Biang lumebu yomani utawa neraka jahanam. Yenta si Adhi bebantu pun kakang nuduhake ing ngendi kitab lontar kasimpen, mesti pageblug iki bisa kasirep lan ibumu bisa di endakake anggone tumindak nasar. yenta ibumu bisa nglenggana saking kaluputane, lan kabeh pada paring pangapura mbesuk ibumu bakal cinadongan swarga loka?


Ratna Manggali
:
Kakang… (Tak bisa berkata-kata lalu hanya menangis)


Bahula
:
Ratna, kang aran becik iku kudu bisa mikul duwur lan mendem jero asmane wong tua.


Ratna Manggali
:
Kakang… kitab lontar kasimpen ing njero sanggah sak ngisore pepethan Bathari Durga.


Bahula
;
Matur nuwun Manggali… sing gedhe pangapuramu Manggali, anane pun mangkene amarga pun kakang uga tresna marang Tu Biang amarga Tu Biang iku uga maratuwaku, pun kakang uga nduweni tanggung jawab nyuwargaake Tu Biang.
Wanci wus wengi ayo tak derekake sumene dhisik dimen bisa lerem rasamu. (Bahula nembang setelah Ratna tidur, Bahula meninggalkan Ratna dan masuk sanggah mencuri kitab lontar lalu diberikan Baradah)



:
(Ratna Bangun, Bersamaan Datangnya Calon Arang dan melemparkan surat ke Ratna Manggali)


Ratna Manggali
:
( Mengambil surat dan membacanya)
Calon Arang dak enteni ing tengahing Jaratan kang ana tapel wates kutha praja… Resi Baradah.
Kakang Bahula kowe tega karo Tu Biang (Melempar surat ke Bahula lalu lari mengejar Calon Arang)


Bahula
:
Manggali!



ADEGAN 7

Calon arang mengetahui pencuri lontar,perang antara calon arang baradah dan para adbi adbi....calon arang mati, manggali nangis


Baradah
:
Calon arang metua......

Calon arang
:
Halah...... (metu saka ngomah) dwamput....... kowe sing bengak bengok (noleh ke bahula) oh dadi iki kongkonanmu  baradah.
Bajingan......

Baradah
:
Ra sah kakean cangkem saiki ayo lawano aku....



Manggali amung bisa mingseb nangis luh e metu saka mripat.e

Calon arang
:
Rak sah mbok tangisi mangali, yen pancen iki wis dadi dalan uripe mbokmu... aku kudu ngadepi.
Yen pancen mati ya aku siap mati yen di wenehi urip iku jenenge rejeki . rasah nangis buang eluhmu percuma.



Baradah ayo lawan aku (des....des perang calon arang keseser mati)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar