Sabtu, 03 Januari 2015

Artikel


Yen Bisa Wong Jawa Aja Nganti Jawal
Sing diarani wong Jawa ing kene yaiku bebrayan sing ngugemi tata cara budaya Jawa ing satindak polahe lahir-bathin ing sadhengah uripe. Dene budaya Jawa iku tata panguripan sing diwarisake dening brayat Jawa saka jaman kuna makuna nganti seprene. Sing dikarepake tata panguripan ora kok carane golek pangupa jiwa nyambut gawe golek sandhang pangan, ananging tata carane srawung ing bebrayan sing kadulu saka solah bawane lan kandhutane atine, mobah-mosike pamikire. Mula tumanceping budaya Jawa sing cumondhok ing batine sawijing pawongan, kawujudake ing solah bawa lan pangucape.
Ana 8 babagan kang dadi titikane tata panguripan budaya Jawa, yaiku:
1.    Anggilut Sastra Jawa
Tegese nyinaoni maca lan nulis mawa aksara Jawa. Yen isih rumangsa wong Jawa sokur bage yen isih bias maca buku-buku aksara Jawa anggitane para pujangga Jawa, kaya dene buku Cemporet, Senthini, Babad Tanah Jawa, lan isih akeh liyane.
Wong Jawa sing dedunung ing tlatah tanah Jawa, ananging wuta aksara/sastra Jawa ya kalebu jawal.
2.    Anggilut Basa Jawa
Basa Jawa sanajan duwe unggah-ungguh sing rada njlimet, yen pancen digilut kanthi tumemen, mesthi bisa ngecakake kanthi patitis. Bisa ngetrepake basa ngoko lan nngoko alus, apa dene karma lugu lan karma alus utawa karma inggil.
3.    Ngrasuk Budaya Jawa
Patang perkara minangka babonane budaya Jawa yaiku: Cipta, Rasa, Karsa, lan Karya.
a.    Bab cipta/pamikir Jawa
Pamikire wong Jawa iku prasaja wae nanging maton.
Pamikire tansah bab kabecikan, kayata ana unen-unen “Becik ketitik ala ketara”.
b.    Bab rasa/pangrasa Jawa
Pangrasa sing tumancep ing dhadhane wong Jawa iku rasa tresna sapadha-padha utawa tepa selira, rasa endah sing nuwuhake langen utawa seni, lan rasa manteb ngrungkebi agama. Rasa tresna nuwuhake budi pekerti sing mulya linambaran rasa susila. Rinasa ing wardaya yen Gusti Sing Murbeng Dumadi anggelar jagad raya lan sagung panguripan iki mesthi linambaran ing rasa tresna asih.
c.    Karsa utawi karep
Karsa iku kekarepan tumindak amrih bisa nyukupi butuhing ngaurip. Karep ing angganing wong Jawa iku tansah dikendhaleni dening pangrasa sing susila lan pamikir sing tumawa.
d.    Karya
Karya iku minangka pangejawantahe cipta, rasa, lan karsa, sing kasok ing tindak laku lan pikolehe. Wujuding karyaning wong bisa dinulu, rinasa ing ati, bisa rinunggu, bisa ginrayang, bisa rinasa ing ilat lan dirungokake kupinge.
4.    Solah bawa trapsila Jawa
Wong jawa nduweni trapsila andhap asor, sikep ngapurancang, ngajeni liyan. Tumungkul amari kelu. Sanajan ta sugih ngelmu, numpuk raja brana nglungguhi pangkat lan nyunggi drajat, trapsilane tetep prasaja.
5.    Anresnani busana Jawa
Busana Jawa iku brukut-primpen kanggo wong lanang apa dene wong wadon. Busana Jawa kebak trapsila ngayomi salira. Nutupi wewadi. Busana adat Jaman kuna, tumrap wong lanang nggango klambi surjan, jaritan, sirahe nganggo udheng utawa blangkon. Dene wong wadon ya jaritan, nganggo klambi kebayak, sirahe ana sing kudhungan mukena utawa kain tipis liyane, ana sing gelungan wae. Sing cetha salira tan binuka, primpen.
6.    Karem boga Jawa
Tegese remen panganan Jawa yaiku panganan sing kulina dipangan wong Jawa.
7.    Tata urip Saraya
Urip saraya iku tata urip sing bantu-binantu, gotong-royong, genti-genten mbiyantu. Awit piwulange wong Jawa bab tulung tinulung iku wis kasok ing unen-unen aweh akeh teken marang sing kalunyon, aweh paying marang sing kodanan, aweh kundhung marang sing kepanasen, aweh banyu marang sing ngelak, aweh pangan marang sing kaluwen.
8.    Percaya mring piwales
Wong Jawa saka jaman kuna-makuna tekan saiki tansah ngugemi piwulange wong tuwa yen tumindak becik lan ala iku kabeh ana piwalese saka sing gawe urip. Awit Gusti Sing Murbeng Jagad iku sipate adil. Percaya marang benere piwulang sing kasok ing unen-unen: “Sing becik ketitik, sing nandur bakal ngundhuh, ngundhuh wohing pakarti.”
Liding carita, kabeh kang bineber iku nuduhake kepribadene wong Jawa. Sing uwal saka kapribadhene wong Jawa, iku diarani Jawal. Awit Jawane wis uwal.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar