Senin, 05 Januari 2015

Warta Surabaya

Lansia Surabaya Luwih Dawa Umure
Tembung Lansia iku mujudake Cekakan saka tembung Lanjut Usia. Lansia iku sok disebut Genturian. Harian Jawa pos dina Minggu tanggal 12 Desember 2007 kaca 31 ngrembug Lansia kota Surabaya. Angel banget nemokake pawongan Centurian (umur 100 taun) ing kutha Surabaya. Aja kok umur satus taun, selagine kang umur 90 taun iku wae wes rekasa banget kok-an. Umume kang isih ana lan survive yaiku Lansia umur 80 taun. Kamangka umur rata – rata umure Lansia iku luwih akeh katimbang tingkat nasional Indonesia. Miturut data saka Badan Pusat Statistik (EPS) taun 2007, kang diolah Yayasan Gerontologi Abiyoso Surabaya, usia harapan hidup wanita ing Indonesia iku rata – rata 69 taun lan priya 65 taun.
            Ing harian Jawa Pos iku mau uga ngemot artikel Lampu Hidup Seratus Taun. Disebutake yen anggota Yayasan Gerontologi Abiyoso iku uga ora ana kang yuswane 100 taun. Ing kaca Metropolis Cover Story iku disebutake yen ing Yayasan Gerontologi Abiyoso iku wong kang paling tuwa yaiku umur 86 taun. Nalika ngendhangi organisasi Kareng Wredha (organisasi kang nampung para sepuh) ing Surabaya kaya dene Legiun Veteran lan Layanan Kasih. Ing kono uga ora tinemu uwong kang yuswane 100 taun. Dinas Sosial serta Dinas  Kependhudhukan lan Catetan Sipil uga ana rakepan bab umure pendhudhuk. Kari Keorganisasian Dinas Sosial Surabaya mung duwe data kaluwarga miskin taun 2006. Data iku wujud rekap jumlah lansia ing sawetara Kecamatan tlatah Surabaya. Ing kono disebutake ana wong tuwa asmane Lempu ing Kecamatan Wiyung kang yuswane nyandhak 104 taun. Mbah Lempu iki asmane kang resmi Mbah Sutami. Putra mbarepe Mbah Sutami iku wis yuswa 84 taun.
            Harian Jawa Pos dina Kemis tanggal 16 Desember 2011 ngabarake maneh yen Surabaya iku Metropolitan kang Udarane paling Resik. Kementrian Lingkungan Hidup Indonesia mligine yen kota Surabaya iku kasil ngurangi polusine Emisi Gas Busung saka Angkutan Umum. Nalika ana penilaian Kebersihan udara Surabaya oleh penghargaan nomer siji. Nomor loro Kota Medan, nomer telu Jakarta Timur. Miturut kementrian Lingkungan Hidup yen Kebersihan Udara iku bisa mujudi Kesejahteraan Masyarakat. Mula Pemerintah Pusat. Propinsi, Kabupaten lan Pemerintah Kota kudu ngupayakake Udara Bersih ing wewengkone.
            Khusus bab kahanane Udara angel banget diawasi (dipantau). Yen banyu iku gampang pengawasane, contone yen rupane butheg. Kuwi ateges ora sehat. Mula kudune Progam Langit Biru perlu diuripake maneh. Sebab iki bisa mbantu ngawasi cemare udara. Dhaerah kang udarane ora resik wajib ngresiki kareben sehat. Progam Langit Biru tumuju udara Bersih iku katindakake cacah 26 kota Metropolitan. Kategori Kota Besar ana cacah 12 kota. Kota Surabaya, pancen wes suwe usaha ngresiki udara ben sehat.
            Harian Jawa Pos dina Rebo tanggal 20 Maret 2013 kaca 10 crita bab Organisasi City Fixie Ride nindakake kampanye Stop Global Worming (Pemanasa Global) mawa cara migunakake Spedhah Pancal kang ora ngetokake asep pencemaran hawa. Tujuwane yaiku : Berharap Kota Jakarta Bersih dan Bebas Polusi. Global Worming iku dinane iki wis dadi Isue Jagadan. Mula manungsa mbudi daya nyegah kerusakan lingkungan. Aja mung omong thok cegah udara kotor, nanging isih migunakake kendharaan kang ngetokake asep buangan saka knalpot. Kejaba ora mbuwang kotoran asep kang ngregedi udara, numpak spedhah iku olah raga sehat. Komunitas pecinta spedhah banjur muncul ing kutha – kutha Indonesia kene. Muncule spedhah Fixie iki oleh respon positif masyarakat. Organisasi Spedhah Fixie iku duwe manfaat gedhe, kejabane kanggo nindakake olahraga, uga kanggo nyegal global worming.

Panjebar Semangat


Tidak ada komentar:

Posting Komentar