Jumat, 02 Januari 2015

Sinopsis Cerkak

Nalika Simbok Metri Aku
            Layang sing ditujukke marang Giman saka Bapakke, kang unine cekak aos gawe atine Giman bingung. Sajake ana bab kang wigati dene Giman dikon mulih. Bisa ora bisa Giman kudu nyelakne mulih. Giman wis ngrumangsani gawe gelane Bapak lan Simboke. Bareng Giman wis cekal gawe duwe bayar gedhe, urip ana Jakarta, malah lali omah. Nampa layange bapake malah kaya ngelikake nalika Giman isih ana padesan, urip kaya dene nom – noman desa. Yen bubar sekolah Giman dikon angon kebo kang kabehe telu lan golek rencek kanggo adang simboke. Ya kaya mengkana Giman uri ana desa, mangane barang uga ora kaya wong kutha.
            Nanging merga saka ajakane paklikke Giman menyang Jakarta. Giman dilebokake ana pabrik tekstil duweke wong Jepang. Merga kepala pabrike tepung becik karo paklikke, tur dideleng raporre Giman bijine unggul bab pembukuan, Giman diseleh ana bagiyan pembukuan ana kantor. Merga prestasine Giman apik, Giman dikirim menyang Jepang. Nyinau bab Manajemen suwene setaun. Saka Jepang oleh nem sasi Giman diangkat minangka manajer.
            Mula nalika Giman nampa layang saka bapakke kang ukarane cekak aos, malah ndadekkake bingunge Giman. Gek ana apa kok dadakan dikon mulih. Mangka dina ahad ngarep kuwi Giman wis semayan karo kanca – kancane golek hiburan menyang Puncak karo gawa gandhengan dhewe – dhewe. Nanging paklikke njurungi supaya Giman mulih, senajan Giman gela ora bisa seneng – seneng karo kanca – kancane, mekso mulih nuhoni apa kang diucapake ana layange mau.
            Wektu iku Giman lagi jagongan karo bapak – simbokke ana ruwang tengah. Karo ngusapi luhe kang ketes nganggo epek – epekke, simboke malah sing miwiti ngomong, cekak nanging mandhes, bisa gawe pangrasane Giman ora karuwan. Rumangsa salah, mergo bareng wis urip kepenak, malah lali omah. Giman saya tambah rumangsa dosa. Pancen nalika semana, saben dina kelairane, Giman dipetri dening simbokke. Jarene kanggo ngmapirne neptu. Simbokke gawe bubur jenang abang utawa sega kuluban, sok ya jajan pasar, diter – terne tangga teparo. Kuwi adad padesan menawa ngampirne neptu mau.
            Bengine omahe Giman regeng, tangga – tangga padhe nglumpuk ngepung tumpeng rong tampah gedhe – gedhe. Mbah Sastra tetuwane desa sadurunge ngujupake kober ngawe Giman dikon lungguh jejer. Giman mung kaya sapi dikeluhi, ora suwala. Lungguh ana sandhinge mbah Sastra. Giman rada kikuk jalaran kabeh kawigaten ditujukke marang Giman. Giman rumangsa bali marang asalle wong Jawa urip ana Padesan, mbah Sastra miwiti ngujupake, karo ndongani saperlune.

            Kanthi mulihe Giman dipetri dening simboke, saya mangerteni menawa kadidene wong Jawa kang duwe adat tatacara Jawa Dhewe, ora kudu lali marang Jawane. Mula Giman kudu bali marang jatidhirine, senajanta wis urip ana kutha gedhe Giman uga kudu tetep nuhoni kaidane wong Jawa, kang tansah ngetrepake unggah – ungguh, tata krama, udanegara, subasita, kang wis dadi budayane wong Jawa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar