Minggu, 04 Januari 2015

Pengertian Verba

Verba
1.    Pengertian
Verba, yaiku tembung kang duweni fungsi dadi predikat kang ana ing kalimat. Verba duweni ciri morfologis yaiku, tembung, aspek lan pesona (jumlah).
2.    Ciri – ciri Verba
a.    Perilaku Morfologis
Yen diamati saka morfologise verba kuwi gabungan saka morfem afiks lan dasar, reduplikasi karo dasar utawa kombinasi (campuran) antarane morfem afiks lan morfem reduplikasi.
Tuladha : Tak sapu, Sapuo
b.    Perilaku Sintaksis
·         Verba bisa digabungke karo tembung “ora” lan ora bisa digabungke karo tembung “dudu” .
Tuladha : dheweke ora turu, dheweke dudu turu
·         Verba ora bisa digabung karo tembung “dhewe”, kanggo makna superlatif. Dadi ora bisa : banyu dhewe, ngimpi dhewe.
·         Verba duweni fungsi dadi predikat utawa inti saka predikat kang ana ing kalimat, iso uga dadi fungsi liyane.
Tuladha : Kayune kumambang, gelase pecah
·         Verba aksi ora bisa nggabung karo tembung kang maknane “kesangatan” , dadi ora bisa digawe dadi “lunga banget”, “ngomong banget”.
·         Verba aksi bisa digabung karo fungsi sintaksis katrangan kang luwih dhisik ditambah tembung “karo” utawa “kanthi”.
Tuladha : bocah kuwi nyambut gawe karo dolan
·         Verba aksi bisa didadekake bentuk perintah, yen verba proses lan keadaan ora bisa didadekake bentuk perintah.
Tuladha : Awas !, Sinau !, lan ora ana bentuk kang “lali !, lara !.
c.    Perilaku Semantik
·         Verba aksi biasane digunakake kanggo jawab pitakon, yaiku apa kang dilakokake dening subjek.
Tuladha : Rizki mangan mie ayam
·         Verba proses biasane digunakake kanggo jawab pitakonan, yaiku apa kang dilakokake dening subjek.
Tuladha : Nisa gawe sega goreng
·         Verba keadaan biasane digunakake kanggo jawab pitakon, kang diterapake dening verba aksi lan verba proses ora bisa dienggo kanggo gawe kalimat prentah.
Tuladha : bebeke ajeng mati mau sore
3.    Bentuk lan Makna Morfologi Verba
a.    Verba Murni
Verba Murni dibedake dadi 4, yaiku verba transitif, verba intransitif, verba aktif, verba pasif.
b.    Verba non Murni
Yaiku, nomina kang kabentuk saka kelas tembung liyane. Nomina non murni ana 5, yaiku :
1.    Verba de Nomina
2.    Verba de adjektiva
3.    Verba de Numeralia
4.    Verba de Pronominal

5.    Verba de Adverbial

Tidak ada komentar:

Posting Komentar