Minggu, 28 Desember 2014

Resensi Novel

RESENSI NOVEL       :
1. Identitas Novel
a.    irah-irahan  novel                             : Ing Manila Tresnaku Kelara-lara
b.    panyerat                                             : Fitri Gunawan
c.    penerbit                                              : Q Publisher
d.    cetakan saha taun terbit                  : cetakan kaping sepisan, 2011
e.    kandel buku saha cacahing kaca             : 14X21 cm; 166 kaca
f.     ISBN                                                   : 978-602-98256-3-3
g.    Jenis kertas                                       : HVS warni pethak

2. Irah-irahan Resensi
    Resensi Novel “Ing Manila Tresnaku Kelara-lara”

3. Wosing Buku
Manila kutha kang lagi dakpanggoni kanggo nerusake kuliah S2 ku. Ing dina iku aku karo kancaku Eni lan Dewi lagi ana ing toko buku. Ing kono padha golek buku-buku sing  disenengi dhewe-dhewe. Sawise wis oleh bukune aku ngadek ing sandhinge Eni kang lagi antri. Ing kono aku disentak marang kasir dikon antri. Wah aku kewirangan banget, terus langsung ngadek ing mburine Eni. Banjur ana wong kang ngomong “mbak seka Indonesia ya?”, aku mangsuli “kok ngerti mas, asli Indonesia juga ya?”. Wong Indonesia ki isa dititeni, ora disiplin tur srudak-sruduk sambunge wong lanang kuwi. Ing kono Eni lan Dewi kenalan karo bocah bagus kang jeneng Irawan. Nanging Dini ora ngatekake.
Tanggal 17 Agustus ana resepsi pitulasan, dene acara hiburane dipasrahake marang mahasiswa sing nduweni kaprigelan ing bab seni budhaya. Ing acara iku Dini urun tari Solo Klasik yaiku gambyong, dene Eni lan Dewi urun lagu Keroncong Tanah Airku. Hiburan kang wis dipentasake wong telu iku mau gawe Kedubes lan sing nonton nglembana. Bocah telu iku mau padha rangkulan karo nangis amarga bungah atine. Ing kono Irawan uga nyalami bocah wadon iku mau. Awit iku Irawan nduwe pangrasa marang Dini. Nduwe pangarep-arep kang luwih marang dheweke. Ananging Dini wis ana sing ngenteni ing Indonesia kana.
Ana ing SMA Dini lan Riris mlebu jurusan IPA, dene Tohari jurusan Fisika. Dini aktif melu OSIS ing sekolahane. Tohari uga, kamangka sing kepilih dadi ketua OSIS Tohari iku. Saya suwe Dini cerak karo Hari, ibune Hari uga seneng banget marang Dini. Sawise tamat SMA ibune Hari kepengin mantu, ananging ibune Dini durung setuju. Kamangka umure isih enom lan durung mapan upama wis omah-omah. Amarga ing keluargane Dini iku nduwe tradhisi lan komitmen sing utama ing babagan pendidikan. Pungkasane Dini mlebu Fakultas Psikologi Unair dene Hari mlebu Fakultas Pertanian ing Universitas Udayana ananging iku ing tahun ngarepe meneh. Patang tahun anggone Dini lulus banjur dheweke dadi guru ing Unesa.
Dini lulus TOEFL, banjur oleh beasiswa S2 ing Manila nganti ketemu Irawan kuwi. Atine njahe wana, poyang-payingan. Dheweke kelingan marang Hari kang lagi berjuang ana Bukit Jimbaran kok dheweke malah seneng-seneng nang Manila karo Irawan. Sapa ngira yen bu Siti ibune Irawan iku mbiyen kancanan karo bu Laras ibune Dini. Irawan ngutarakake rasa tresna marang Dini, ananging Dini ngomong menawa dheweke wis ana sing ngenteni ing Indonesia kana. Atine Irawan krasa kelara-lara. Anaging rasa asih Irawan marang Dini ora bakalan ilang.
Dini lulus dhisik saka S2 banjur dheweke mulih ana ing Sidoarjo. Bareng teka ing ngomah, ibune kaget. Surat sing wis dikiremake apa durung teka kok Dini mulih katon biasa-biasa bae. Ibune crita, yen Hari wis omah-omah amarga wingi Hari digrejek marang bapake supaya ndang rabi sakdurunge bapake iku dipundhut dening sing maha kuwaos. Atine dini lara banget, dheweke ora bisa ngempet eluh kang netesi ing pipine iku. Ananging Dini bisa nrima takdir sing wis digarisake marang Gusti.
Eni lan Dewi telpon ngabari yen wis lulus, banjur ngajaki Dini reuni. Ing reunian iku uga ana Irawan. Dini ora ngira yen Irawan iya melu acara reuni kang wis direncanakake kanca-kancane iku. Ana ing Jakarta, kabeh kuwi mau padha seneng-seneng anggone reunian. Irawan wis ngerti yen Hari iku wis omah-omah marga pepinginane wong tuane. Ing kana Irawan nduwe pangarep-arep marang Dini. Semono uga Dini nduwe rasa tresna marang Irawan.
Wong tuane Dini lan Irawan seneng banget dina kang ditunggu teka. Resepsi nikahane Dini lan Irawan nganggo adat Jawa lengkap wiwit saka siraman, midodareni, akan nikah banjur resepsine. Kepengine bu Siti klakon nduwe mantu wong Jawa lan ngunakake adat Jawa pisan. Atine seneng banget. Sawise patang tahun, Irawan lan Dini nduwe anak lanang siji. Dini dicritani marang mbak Titin mbake Hari kang ketemu ing mall. Mbak Titin crita yen sisihane Hari iku seda pas lagi nglairake anake Hari. Ing kono Dini lan Irawan nduwe rasa welas marang Hari amarga kejadian iku. Ananging kepiye maneh  garis urip wis diatur marang Gusti, takdire Hari karo sisihane iku mung nganti semono.
 
4. Unsur intrinsik novel     
a. tema             : percintaan
            b. wos              : cariyos ingkang nyariosaken tiyang wadon ingkang tresna saha setya
marang gegandulaning ati awit dipunpisahaken kaliyan papan ingkang tebih
            c. setting          : - papan          : setting papan ingkang dipunginakaken inggih menika
                                                              wonten ing  luar Negeri Filipina, Malaysia saha
                                                               wonten ing Indonesia
                                      - wekdal        : wekdalipun menika gumantung kaliyan cariyos
            d. alur              : alur ingkang dipunginakaken menika ngangge alur maju saha
                                       mundur.
            e. lelewaning basa       :
               wonten ing novel menika wonten bebasanipun, inggih menika :
1. jebul janma tan kena kinira
2. dudu sanak dudu kadang
3. jembar segaramu
4. longgar dhadhamu
5. mikul dhawet rengeng-rengeng


f. amanat
- wonten ing gesang menika kedah percaya dhumateng Gusti awit jodoh, rejeki, saha tekaning pati. Minangka manungsa menika namung saged usaha, sanesipun gumantung Gusti ingkang gadhah kuwasa.
-       Dados tiyang Jawi menika langkung saenipun nindakaken tradisi-tradisi utawi budaya ingkang kedahipun taksih dipunlampahi wonten ing jaman samenika. kados ta siraman saha midodareni amargi seiring berkembangnya jaman tradisi menika sampun wiwit ical.

g. penokohan   :
                        1. Dini              → tiyang wadon ingkang judes (nanging sejatosipun apik),
                                                      pinter, gadhah sipat atos atinipun, remen maos buku, saha
                                                      apa adanya.
                        2. Irawan           → pinter, cerdik, prihatos marang kanca, remen tulung
                                                       tinulung, apikan, saha sekedhik atos atinipun.               
                        3. Eni                → kancanipun Dini ingkang sekedhil urik (jail), apikan saha
                                                       pinter.
                        4. Dewi            → kancanipun  Dini ingkang urik ugi, apikan, remen tulung
                                                       tinulung.
                        5. Hari              → pacaripun Dini ingkang setya, manut dhateng tiyang
                                                      sepuhipun.
                        6. Bu Laras      → ibunipun Dini ingkang wicaksana
                        7. Bu Siti         → ibunipun Irawan ingkang apikan nanging sekedhik atos
                                                      atinipun.

           


5. Format novel          :
Wujud novel menika standart, ginakaken kertas HVS warni pethak. Hurupipun ginakaken times new roman. Cover-ipun menika werni dhasar coklat sarta wonten gambaripun tiyang kakung saha tiyang estri. Wonten sekar teratai ugi wonten ing cover satemah dadosaken novel menika katon endah.
6. Kaluwihan saha Kekirangan Novel
    a. kaluwihan novel
       * basa ingkang dipunginakaken menika gampil dipunmangertosi.
       * tembung-tembungipun ingkang dipunginakaken sampun trep (cetha saha singkat).
       * panganggening tembung sarta ukara sae, sarta wonten bebasanipun ing salebeting novel satemah damel pamaos boten bosen anggenipun maos.
       * wonten ukara utawi pacelathon  ingkang lucu, satemah dadosaken cariyos menika boten monoton.
       * cover ngajeng sae kanthi latar werni coklat.
    b. kekirangan novel
       * boten dipun-cantum-aken kandeling novel, satemah nyebabaken pamaos boten mangertosi pinten senti kandelipun. Menawi badhe ngresensi, pamaos kedah ngukur piyambak kandel novel menika.
     * panyeratan tembung wonten sekedhik ingkang lepat, tuladhanipun tembung “dahar” ingkang leres inggih menika “dhahar”.
       * boten wonten sinopsis-ipun wonten ing cover wingking, satemah buku ingkang dipunadol menika wujudipun taksih dipunsegel. Pamaos boten tamtu tertarik dening novel menika. Dados, langkung saenipun bilih dipunsukani sinopsis supados pamaos sekedhik mangertosi kadospundi cariyosipun.

7. Dudutan
Dudutan saking maos novel kasebut inggih menika, raos setya menika sanget kangge suatu hubungan menika, ananging wonten ing gesang menika Gusti Allah sampun nemtokaken jodho, rejeki saha pati. Saben  manungsa namung saged usaha, ananging sadaya wangsul malih dhateng kersanipun Gusti Allah.
Minangka tiyang Jawi, tradhisi-tradhisi panggih kados ta siraman saha midodareni sampun awis dipuntemtokaken wonten ing jaman samenika. tiyang Jawi menika kedah nglestantunaken tradhisi-tradhisi ingkang sampun wonten, amargi nilai filosofi ingkang inggil saha gadhah makna-makna tartamtu.

Buku menika cocok dipunwaos amargi cariyosipun saged narik kawigatosan pamaos awit saking irah-irahan saha gambaripun. Wonten ing salebeting novel menika ngewrat unsur budaya saha tradhisi. Sarta wonten pacelathon ingkang lucu ugi satemah damel pamaos boten bosen kangge pamaosipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar