Kamis, 08 Januari 2015

Geguritan

Geguritan

Geguritan iku padha karo puisi ana ing bahasa Indonesia. Carane nulis geguritan rada mardika ora kaya nulis tembang macapat kudu nganggo aturan guru lagu, guru wilangan, pada karo notasi lagu laras slendro utawa pelog.
Dene carane nulis geguritan sing baku yaiku:
1.    Nemtokake temane utawa milih judhul (irah-irahan). Topikipun saged menapa kemawon.
2.    Milih tembung-tembung kang apik lan gampang dingerteni.
3.    Kudu pinter ngrakit ukara utawa nata ukurane. Pamilihipun tembung ingkang endah. Upaminipun ngginakaken tembung pepindhan, rinengga purwakanthi.
4.    Surasane basa kudu gampang ditebak (dingerteni).

5.    Wewanggunane/wujude (penataan paragraph/alinea lan liyane).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar