Jumat, 09 Januari 2015

Geguritan

Wong Cilik

Wong cilik ongklak-angklik
Lungguhe dhingklik lakune ingklik
Gaweyan ora nampik luru iplik-iplik
Asile sethithik
Ngugemi dhawuh mulya pusaka leluhur kita
Ana rina ana upa
Angger ngupaya ora gothang ora ngresula
Nenuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa
Wong cilik sutresna
Nadyan papa ora nistha
Nggrogoti donyaning nagara
Gawe ngrekasa gawe sangsara
Wong kang tanpa nalar
Karem bandha donya gumebyar
Kapengin ngwasani jagad gumelar
Ora rumangsa uripe kesasar
Wong srakah donyane sahohah
Meksa kepengin nguntal gajah
Ora rumangsa nampa berkah
Saka Gusti Allah Kang Maha Mirah
Dhuh Gusti Ingkang Maha Suci
Mugi kawula paduka berkahi
Sageda tansah memuji
Ngluhuraken Gusti Maha Suci


Sumber : Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar