Rabu, 07 Januari 2015

Wacana

Tata cara Nelepon

Ngungkapke pikiran utawa panemu lan gagasaning ati, ora mung kanthi rembugan/omong-omong sakcara langsung adhep-adhepan. Ana ing jaman kang wus maju iki, kanggo mbabarke pikiran lan gagasan uga bisa migunakake srana supi telepon, dene kang luwih lumrah bisa digawa mrana-mrene yaiku handphone utawa HP.
Bab-bab kang kudu diemut lan dicakke sanajan ora dadi paugeran baku/undang-undang, antarane:
1.    Nelepon ngono kudu migunakake basa kang patitis, tumrap cak-cakane basa. Sapa kang lagi dijak ngendikan/ngomong mau nganggo unggah-ungguh.
2.    Jumbuh lan orane anggone nelepon iki ing antarane ragad kang metu karo keperluane. Amarga saben nelepon kudu mbayar pulsa.
3.    Praktis antarane nelepon karo ketemu dhewe/adhep-adhepan. Amarga yen cedhak lan gampang ketemu, luwih becik ora perlu nelepon.
4.    Kahanan; senajan ora ana peraturane, nanging wong nelepon uga kudu emut kahanan lan wancine/wayah. Umpamane jam 02.00 WIB, yen durung nate janji sakdurunge lan kepentingane ora sepira, wanci mau ora prayoga dienggo nelepon.
5.    Sopan santune wong nelepon; senajan wong  kang diajak wicara ora katon, becike nelepon nganggo sopan santun utawa tata krama yaiku kawiwitan kanthi salam pambuka, ngandharake kaperluane lan katutup kanthi salam panutup.

Kanthi migunakake limang perkara kang magepokan karo tata cara nelepon, rasa lan karsa bisa kaandharake nggango telepon kanthi sopan miturut kaperluan lan kahanan kang diadhepi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar