Rabu, 07 Januari 2015

Pahlawan Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara kang asmane timur R.M. Suwardi Suryaningrat dilairke ing Ngayogyakarta tanggal 2 Mei 1889. Sawise, ngrampungake pasinaone ana ing Sekolah Dasar banjur nerusake pasinaone menyang STOVIA ing Jakarta. Marga saka kahanan, pasinaone ing STOVIA ora tutug.
Sabanjure Ki Hajar Dewantara nyambut gawe dadi wartawan. Nalika tanggal 25 Desember 1912, bebarengan karo Douwes Dekker lan Dr. Cipto Mangunkusumo, Ki Hajar Dewantara nggedegake pakumpulan kang diarani “Indische Partij”, yaiku sawijining pakumpulan kang gegayuhane mbudi daya amrih bangsa Indonesia bisa uwal saka penyengkremaning penjajah Walanda.
Amarga gegayuhane kang luhur mau penjajah Walanda ora seneng. Wusanane Ki Hajar Dewantara dipidana kanthi dibuwang menyang Negara Walanda.
Dhasar priyayi lantip, luhur bebudene, madhep lan mantep anggone mbelani nusa lan bangsa senajan ana pembuangan tetep anggone mrihatinke nusa lan bangsane. Ana ing nagara manca iku wektu malah bisa digunakake kanggo ngangsu kawruh babagan pendhidhikan kang murakabi banget tumraping bangsa Indonesia.
Sawise kondur menyang tanah wutah getihe ing Indonesia Ki Hajar Dewantara gedhe banget kawigatene kanggo majuning penidikan. Nalika tanggal 3 Juli 1922, Ki Hajar Dewantara ngadekake pawiyatan Taman Siswa. Akeh sandhungane nanging ora nate mundur sapecak.
Sawise Indonesia merdika Ki Hajar Dewantara nate winisuda dadi Menteri Pendidikan Pengajaran, dan kebudayaan ingkang kapisan. Uga kajunjung pinangka “Bapak Pendidikan Nasional” lan “Pendiri Taman Siswa” lan kaparingan gelar “Pahlawan Kemerdekaan Nasional”.

Sasantine pendhidhikan kang kondhang nganti seprene: ing ngarsa sung tuladha ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Ki Hajar Dewantara seda nalika tanggal 28 April 1959 lan disarekake ana ing Ngayogyakarta. Kanggo pangeling-eling labuh labete marang nusa lan bangsa, dina wiyosane yaiku tanggal 2 Mei dipengeti pinangka “Hari Pendidikan Nasional”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar