Jumat, 02 Januari 2015

Pengertian Morfologi

Morfologi
            Morfologi yaiku cabang linguistik kang ngidentifikasi satuan – satuan dasar basa kanggo satuan gramatikal. Utawa morfologi yaiku ilmu kang nyinauni utawa ngrembag – ngrembag babagan tata tembung lan kajian gramatikal, struktur internal tembung, cakupane tembung, bagian – bagian tembung lan pembentukan tembung – tembung.
A.   Morfem
Morfem yaiku susunan kang paling cilik pembentuk tembung.
Tuladha :
-       Ny + sate       = nyate
-       Ng + sop        = ngesop
-       M + pecel       = mecel
-       N + tongseng = nongseng
B.   Morf
Morf yaiku kumpulan saka morfem kang duweni fungsi lan makna kang padha, sifate konkret.
Tuladha :
-       Di + gawa = digawa
-       Ke + gawa = kegawa
C.   Alomorf
Alomorf yaiku variasi saka morfem utawa perubahan morfem amerga lingkungane.
Tuladha :
-       Sa + gelas = sagelas
-       Se + gelas = segelas
-       Sak + gelas = sakgelas
Proses Morfologi
Proses morfologi uga bisa kasebut pembentukan tembung. Proses pembentukan tembung ana 5 yaiki :
1.    Afiksasi, yaiku pembentukan tembung kang nambahake afiks kang ana ing tembung dasare. Bagiyan saka afiksasi yaiku Prefik, Sufiks, Infiks lan Konfiks.
-       Prefik yaiku afiks kang dideleh ana ing sangarepe tembung dasare, misale :
·         Di + gawe = digawe
-       Sufiks yaiku afiks kang dideleh ana ing samburine tembung dasare, misale :
·         Atus + an = atusan
-       Infiks yaiku afiks kang diseselake ana ing tengah – tengahing tembung dasar, misale :
·         In + sawang = sinawang
-       Konfiks yaiku afiks kang diselehake ana ing ngarep lan mburine tembung dasare, misale :
·         Ke-/-an + maling = kemalingan
2.    Reduplikasi, yaiku proses morfemis kang ngulang tembung dasar karo morfem dasar kang bebas utawa terikat.
Tuladha :
·         Mlayu – mlayu
·         Mloka – mlaku
3.    Komposisi, yaiku proses nggabungake morfem dasar kaliyan morfem dasar kang bebas utawa terikat.
Tuladha :
·         Wong + tuwa = wong tuwa
·         Semar + mendem = semar mendem
4.    Modifikasi, ana 2 yaiku :
-       Modifikasi zero utawa konversi, yaiku perubahan saka kelas kata 1 mara ing kelas kata liyane.
Tuladha :
·         Ke + camat = kecamatan
·         M + pacul = Macul
-       Modifikasi internal namung dipelajari ana ing basa inggris.
5.    Pemendekan, yaiku proses morfemis kang mendekake utawa ngurangi bagiyan – bagiyan morfeme.
Tuladha :
·         UNNES
·         UGM
·         Puskesmas
Proses Infleksional lan Proses Derivasional
1.    Proses Infleksional
Yaiku proses perubahan tembung kang ngubah bentuke tapi ora ndadekake perubahan maknane utawa bentuk leksikale, uga bisa ngubah kelas katane.
Tuladha :
·         Gawa dadi nggaw, tapi maknane padha
2.    Proses Derivasional
Yaiku proses perubahan bentuk tembung kang ngubah bentuke lan uga ngubah maknane.
Tuladha :

·         Camat dadi kecamatan, kecamatan digawe saka camat. Kecamatan mengacu karo panggonane yen camat mengacu karo wonge.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar