Selasa, 06 Januari 2015

Angkah Pandaya Kapribaden Luhur

Angkah Pandaya Kapribaden Luhur

1)    Kapitayan dhiri yaiku solah tingkah kang nuduhake kemantebaning ati manawa bisa nglakoni/nglaksanakake apa bae lan uga nduweni pengarep arepan kang jumbuh karo kasunyatan.
2)    Sopan santun yaiku solah tingkah kang andhap asor marang sapada pada lan uga bisa ngregani lan menehi pangurmatan marang sapada pada.
3)    Mandiri yaiku solah tingkah kang ora nggantungake marang liyan nalika ngrampungake pakaryan.
4)    Disiplin yaiku tindak-tanduk kang nuduhake pratikel kang tertib lan manut ing maneka warna pituduh lan aturan.
5)    Demokratis yaiku cara mikir, solah tingkah lan pratikel kang menehi aji kang padha ing antarane hak lan kuwajibaning dhiri lan liyan.
6)    Seneng maca yaiku pakulinan kang nyumedyakake wektu kanggo maca wacan kang mumpangati kanggo dhiri pribadhi.
7)    Nresnani bumi pertiwi yaiku pamanggalih, solah tingkah, lan kekridhan kang nuduhake kasetyan, perduli, lan pangarep-arep kang dhuwur tumraping basa, lingkungan, sosial budaya, ekonomi, politik, lan bangsa.
8)    Perduli mring lingkungan yaiku solah tingkah lan pratikel kang ngupadi supaya bisa anyegah rusaking lingkungan lan ngupadi supaya bisa amrih lestari.
9)    Tanggung jawab yaiku solah tingkah nalika ngestokake dhawuh lan kuwajibane marang dhiri pribadi, masyarakat, lingkungan, praja, lan Gusti Kang Maha Tunggal.

10) Pambudidaya yaiku pratikel kang nuduhake ngupadi kanthi tumemen kanggo ngrampungake sakabehe pepalang pasinaon lan gladhen kanthi becik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar