Jumat, 09 Januari 2015

Geguritan

Dalan pilihan

Yen dalan iki kang kokpilih
Tatanen atimu, kencegna tekadmu
Sangua kagunan lan kawegigan,
Awit dalan iki rumpil, kaya wot ogal agil
Akeh dhemit, akeh buta cangkil kang jail
Kang koksandhang pancen ora kena kokgrayang
Kang kokgendhong pancen dudu emas barleyan sagenthong
Among pusaka kuna saka galihe kayu jati
Aja sambat yen kena eri
Aja wedi yen ana gerenge kang jaga wana
Panas udan, ngelak ngelih aja ngelih
Nadyan akeh woh-wohan ingkang gumandhul ing pinggir marga,
Aja kokgepok, aja koksenggol, awit iku who isi wisa
Yen dalan iki kang kokpilih
Pancen kudu sangu ati putih
Tekadmu kudu waja, getihmu kudu abang mbranang
Ing pucuke marga kana, ana rembulan tanpa mega,
Gilar-gilar binarung swara ngrangin tembang Dhandhanggula
Nora gampang anggayuh budi utami
Lan tindak kang prasaja


Sumber : Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar