Selasa, 06 Januari 2015

Astrologi

Astrologi
·         Capricorn ( 21 Des – 19 Jan ) :
Jroning minggu iki ana undhak2an, nanging akeh gangguan. Yen panjenengan bisa ngadhepi kanthi kesabaran lan terus maju mesthi bakal kasil. Simpenen wedine rancangane, bukaken wedine wong -2 sing ora jujur. Singkirna pradandi, ora usa emosi, bersikap tenang.
·         Aquarius ( 20 Jan – 18 Feb ) :
Ing minggu iki kabeh urusan bakal beres, bisa diatasi lan ora perlu bantuane wong liya. Sawetara sinambi ngayahi tugas lan rancangane bakal ketemu kanca -2 sing bisa diajak kerja sama. Pengalaman pait wis keliwat, kenangan kapungkur kudu dibusak. Supaya ana kabar anyar.
·         Pisces ( 19 Feb – 20 Mar ) :
Ing minggu iki bisa nikmati panguripan. Akeh kanca, akeh sing njurung rancangane. Yen ana kaco sethithik, ora perlu gigrig, diadhepi wae kanthi legawa. Senajan wong -2 mau luwih sepuh, kandhakna terus terang kebeneran lan aturane. Yen sregep mesthi bakal akeh bathine.
·         Aries ( 21 Mar – 20 Apr ) :
Jroning minggu iki saya tambah jaya, kajen lan keringan. Nanging aja banjur berlagak umuk lan berlagak sombong. Rancangane diatur, wehana tugas laras karo kapinterane, aja pilih kasih. Jembarna pamawas panjenengan, survey ing daerah liya lan anakna kontrak kerja sama. Sing semangat.
·         Taurus ( 21 Apr – 20 Mei ) :
Ing minggu iki sadurunge tumindak lan wiwit diayahi, dipikir sing mateng dhisik. Sebab yen wis kebacut, bakal dadi kemunduran lan rugi gedhe. Pancen katone saiki apik -2 wae, akeh kanca lan akeh dhuwite. Nanging acarane akeh nguras dhuwit lan wektu. Kudu dhisiplin.
·         Gemini ( 21 Mei – 20 Juni ) :
Ing minggu iki kahanane wis luwih tenang lan luwih mapan. Aja nglirwakake bantuan utawa pitulungan. Manfaatna kanthi apik supaya luwih dipercaya lan dijurung. Semangat kudu ditambah, sing saya aktif lan kreatif. Duwe inisiatif sing apik, pinter srawung, nanging ora egois.
·         Cancer ( 21 Juni – 20 Juli ) :
Ing minggu iki kanca sing seneng gawe ribut wis nyingkir. Saiki teka kanca anyar sing gawa kedamaian. Ilangana rasa dendham ing ati, punjerna ing rancangan lan kesibukan panjenengan kanggo nggayuh kemajuan lan bebathen. Aja sok ragu, kalodhakan becik ora temtu.
·         Leo ( 21 Juli – 21 Agust ) :
Ing minggu iki akeh masalah lan akeh bebathen. Becike kudu sing ati – ati, waspada lan wicaksana. Nyuwana pituture wong sing luwih tuwa lan wis pengalaman. Supaya panjenengan ora keliru dalane lan nganggo dhuwit. Aja mung nuruti hawa napsu lan wangkot, sebab bisa berubah.
·         Virgo ( 22 Agust – 22 Sept ) :
Ing minggu iki akeh penggaweyan utawa tugas sing kudu diayahi. Kamangka kasarasan wiwit mlorot. Sing pinter ngatur wektu, ngirit tenaga lan dhahar sing akeh. Sing wis kedadeyan ora usah digetuni. Masalah cilik aja digawe gedhe. Sing abot -2 dipasrahke wong liya wae.
·         Libra ( 23 Sept – 23 Okt ) :
Ing minggu iki, bab sing vakum wiwit urip lan bisa dilakokake maneh. Hubungan sing mandheg utawa ora sambung bakal nyambung maneh. Kanthi kerja sama, panjenengan bakal oleh kemajuan lan bebathen. Aja ragu. Undhakna kesregepan, sinambi nambah pengalaman, tanpa pamrih.
·         Scorpio ( 24 Okt – 22 Nop ) :
Ing minggu iki ana kesuksesan. Sing diperjuangake kasil. Ing pihak liya ana sing nyuwun pitulungan panjenengan, becik sing enthengan lan ikhlas. Tumindak sing wicaksana lan kebak welas asih bakal ditresnani Gusti lan piwalese tikel tekuk. Terusna rancangane kanggo maju.
·         Sagitarius ( 23 Nop – 20 Des ) :
Ing minggu iki pepenginane keturutan. Nanging isih mbutuhake kawigaten lan serius tenan panggarape. Ora kena mung santai lan royalan. Kudu gelem kerja keras demi cita 2 sateruse. Aja terpengaruh wong liya lan aja katut rayuan gombal. Panjenengan sing kudu mimpin.


Sumber : Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar