Kamis, 08 Januari 2015

Geguritan

SEJARAH NABI

Pedhut angameng-ameng
Ireng peteng ing antariksa
Nutupi soroting surya mring marcapada
Kang tembene
Bagaskara tan bisa aweh pepadhang
Dikaya mengkono gegambarane manungsa
Dhek jaman semana
Jaman kanga aran jaman jahiliyah
Jamane manungsa murka ngumbar hawa nepsu
Murka mring tumindak angkara lan degsura
Kang sugih ngarani dhirine minangka tuwan
Kang rumangsa menang tumrap manungsa sapadha
Kang mlarat mung entuk jatah kaladekahe minangka budak
Nanging,
Gusti Kang Maha Welas kelawan Asih
Sigra paring pepadhang tumrap umate
Pedhut kang ngameng tinudhung umate
Pedhut kang ngameng tinudhung genti
Kanthi laire jabang bayi
Kang karan Nabi Muhammad
Nabi kang gawe pepadhang umat manungsa
Nabi kang dadi patuladhan
Dadi panutan umat Islam
Manungsa dadi eling mring gustine
Manungsa dadi welas lan asih mring sapadha
Tanpa ngelingi pangkat lan drajat gebyare donya


Sumber : Ngleluri Basa Jawi II

Tidak ada komentar:

Posting Komentar