Yen Bisa Wong Jawa Aja Nganti Jawal
Sing
diarani wong Jawa ing kene yaiku bebrayan sing ngugemi tata cara budaya Jawa
ing satindak polahe lahir-bathin ing sadhengah uripe. Dene budaya Jawa iku tata
panguripan sing diwarisake dening brayat Jawa saka jaman kuna makuna nganti
seprene. Sing dikarepake tata panguripan ora kok carane golek pangupa jiwa
nyambut gawe golek sandhang pangan, ananging tata carane srawung ing bebrayan
sing kadulu saka solah bawane lan kandhutane atine, mobah-mosike pamikire. Mula
tumanceping budaya Jawa sing cumondhok ing batine sawijing pawongan, kawujudake
ing solah bawa lan pangucape.
Ana
8 babagan kang dadi titikane tata panguripan budaya Jawa, yaiku:
1.
Anggilut
Sastra Jawa
Tegese nyinaoni maca lan
nulis mawa aksara Jawa. Yen isih rumangsa wong Jawa sokur bage yen isih bias
maca buku-buku aksara Jawa anggitane para pujangga Jawa, kaya dene buku
Cemporet, Senthini, Babad Tanah Jawa, lan isih akeh liyane.
Wong Jawa sing dedunung ing
tlatah tanah Jawa, ananging wuta aksara/sastra Jawa ya kalebu jawal.
2.
Anggilut
Basa Jawa
Basa Jawa sanajan duwe
unggah-ungguh sing rada njlimet, yen pancen digilut kanthi tumemen, mesthi bisa
ngecakake kanthi patitis. Bisa ngetrepake basa ngoko lan nngoko alus, apa dene
karma lugu lan karma alus utawa karma inggil.
3.
Ngrasuk
Budaya Jawa
Patang perkara minangka
babonane budaya Jawa yaiku: Cipta, Rasa, Karsa, lan Karya.
a. Bab
cipta/pamikir Jawa
Pamikire
wong Jawa iku prasaja wae nanging maton.
Pamikire tansah bab
kabecikan, kayata ana unen-unen “Becik ketitik ala ketara”.
b. Bab
rasa/pangrasa Jawa
Pangrasa sing tumancep ing
dhadhane wong Jawa iku rasa tresna sapadha-padha utawa tepa selira, rasa endah
sing nuwuhake langen utawa seni, lan rasa manteb ngrungkebi agama. Rasa tresna
nuwuhake budi pekerti sing mulya linambaran rasa susila. Rinasa ing wardaya yen
Gusti Sing Murbeng Dumadi anggelar jagad raya lan sagung panguripan iki mesthi
linambaran ing rasa tresna asih.
c. Karsa
utawi karep
Karsa iku kekarepan tumindak
amrih bisa nyukupi butuhing ngaurip. Karep ing angganing wong Jawa iku tansah
dikendhaleni dening pangrasa sing susila lan pamikir sing tumawa.
d. Karya
Karya iku minangka
pangejawantahe cipta, rasa, lan karsa, sing kasok ing tindak laku lan pikolehe.
Wujuding karyaning wong bisa dinulu, rinasa ing ati, bisa rinunggu, bisa
ginrayang, bisa rinasa ing ilat lan dirungokake kupinge.
4.
Solah
bawa trapsila Jawa
Wong jawa nduweni trapsila
andhap asor, sikep ngapurancang, ngajeni liyan. Tumungkul amari kelu. Sanajan
ta sugih ngelmu, numpuk raja brana nglungguhi pangkat lan nyunggi drajat,
trapsilane tetep prasaja.
5.
Anresnani
busana Jawa
Busana Jawa iku
brukut-primpen kanggo wong lanang apa dene wong wadon. Busana Jawa kebak
trapsila ngayomi salira. Nutupi wewadi. Busana adat Jaman kuna, tumrap wong
lanang nggango klambi surjan, jaritan, sirahe nganggo udheng utawa blangkon.
Dene wong wadon ya jaritan, nganggo klambi kebayak, sirahe ana sing kudhungan
mukena utawa kain tipis liyane, ana sing gelungan wae. Sing cetha salira tan
binuka, primpen.
6.
Karem
boga Jawa
Tegese remen panganan Jawa
yaiku panganan sing kulina dipangan wong Jawa.
7.
Tata
urip Saraya
Urip saraya iku tata urip
sing bantu-binantu, gotong-royong, genti-genten mbiyantu. Awit piwulange wong
Jawa bab tulung tinulung iku wis kasok ing unen-unen aweh akeh teken marang
sing kalunyon, aweh paying marang sing kodanan, aweh kundhung marang sing
kepanasen, aweh banyu marang sing ngelak, aweh pangan marang sing kaluwen.
8.
Percaya
mring piwales
Wong Jawa saka jaman kuna-makuna tekan
saiki tansah ngugemi piwulange wong tuwa yen tumindak becik lan ala iku kabeh
ana piwalese saka sing gawe urip. Awit Gusti Sing Murbeng Jagad iku sipate
adil. Percaya marang benere piwulang sing kasok ing unen-unen: “Sing becik
ketitik, sing nandur bakal ngundhuh, ngundhuh wohing pakarti.”
Liding
carita, kabeh kang bineber iku nuduhake kepribadene wong Jawa. Sing uwal saka
kapribadhene wong Jawa, iku diarani Jawal. Awit Jawane wis uwal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar