Senin, 05 Januari 2015

Pasar Klithikan Pakuncen Dadi Alternatif Wisata

Pasar Klithikan Pakuncen Dadi Alternatif Wisata
            Pasar rongsokan utawa pasar klithikan temtu ana ing saben kutha. Ing Surabaya ana pasar Dupak, kang kondhang apa – apa ana. Ing Bandung, Jawa Barat ana pasar loak Gedebage lan Pasar Cihapit. Ana ing Jakarta ana pasar loak utawa rongsokan ing Taman Puring utawa Pasar Senen, Jakarta. Solo, nduweni Pasar Triwindu minangka pasar loak kang kondhang. Lan kutha Ngayogyakarta Hadiningrat pasar loak kang kondhang yaiku Pasar Klithikan Pakuncen.
            Pasar Klithikan Pakuncen madeg durung suwe. Pasar iki diresmekake tanggal 13 November 2007 dening Menteri Negara Koperasi dan UKM wektu iku Suryadarma Ali. Pasar iki minangka papan relokasi para pedagang klithikan utawa loak kang maune padha mbukak dhasaran ing sadawane Jalan Mangkubumi, Asem Gede lan kukuban Alun – alun Kidul Keraton Yogyakarta.
            “Sadurunge Pasar Klithikan Pakuncen iki minangka pasar kewan paling gedhe ing kukuban Daerah Istimewa Yogyakarta,” critane Heniy Astityanto SH, salah sijining pengacar ing Yogyakarta kang seneng golek barang – barang antik ing pasar – pasar Klithikan ing kukuban Yogyakarta lan Jawa Tengah.
            Ing sela – selane wektu minangka pengacara,  Heniy nduweni kesenengan ngumpulake barang antik. Merga iku ora aneh menawa merga kepengin nambah koleksine dheweke asring nemokake barang – barang antik kang angel golekane.
            “Wiwit foto – foto kuno ngenani kutha Yogyakarta, majalah utawa buku kang kababar zaman penjajahan Walanda, tekan barang antik liyane kayata Klinthing lan maneka assesoris liyane,” pratelane praktisi hukum kang uga dikenal minangka pegiyat kegiatan seni budaya Jawa iki.
            Barang – barang antik lan unik kang bisa ditemokake ana ing pasar iki yaiku maneka onderdil sepedha. Wiwit saka maneka onderdil kanggo sepedha kuna tekan onderdil kanggo sepedha kang lagi ngetrend ing zaman iki. Kalebu maneka assesoris sepedha wiwit saka berko, nganti tekan tas kulit kang mbiyen asring digunakake para priyayi utawa guru ing zaman sadurunge perang donya.
            Maneka onderdil lan assesoris sepedha motor lan mobil uga bisa ditemokake ana ing Pasar Klithikan paling gedhe ing kutha Yogyakarta iki. Wiwit onderdil kanggo motor – motor kuna, tekan onderdil kanggo sepedha motor utawa mobil weton anyar. “Pasar iki uga asring dadi papn jujugane para pandhemen sepedha lan motor kuna kanggo golek onderdil kang pancen angel golekane,” critane Wibowo, salah sijining pandhemen motor antik saka Kotagede marang PS.
Wisata Alternatif
            Pancen ing Pasar Klithikan Pakuncen ora mung ana barang antik utawa loak kang kuna. Ing Pasar iki uga ana barang – barang anyar. Barang – barang gaweyan anyar weton paabrik uga didhasarake ana ing Pasar iki. Wiwit saka maneka busana kang asring ngrenggani Supermarket, sepatu lan tas model saiki.
            Tekan maneka peralatan komunikasi kaya ta telepon – telepon genggam lan Blackberry modhel anyar uga bisa ditemokake ing pasar iki. Telepon genggam modhel kuno sing gedhi uga ana.” Kalebu menawa panjenengan nduweni perangkat komunikasi jelehan uga bisa didol ana ing kene,” pratelane Purwanto, pedagang handphone lan blackberry marang PS.
            Miturut Purwanto, koleksine para pedagang handphone uga ora kalah karo konter – konter handphone kang ana ing pusat perbelanjaan. Kalebu siyap menehi garansi ing babagan dol tinuku. Aja wedi menawa barang sing ana kene barang peteng utawa cedhak gegayutan karo durjana. Merga para pedagang ngupaya teliti.” Kita nyimpen utawa nyathet identitas wong kang adol,” panambahe Purwanto.
            Tilas Walikota Yogyakarta Herry Zudianto kang mbiyen nduweni gagasan ananing pasar Klithikan iki pancen nduweni niyat kanggo ngowahi panemu menawa sing jenenge pasar loak iku cedhak karo jagading kadurjanan. Pasar loak kanggo mbuwang barang – barang colongan. Supaya sing kaya mangkono ilang, dheweke ngajab supaya para pedagang bener – bener teliti menawa nampani barang kang nyujanani.
            Marang Wartawan pak Herry uga nambahake pepenginane supaya Pasar Klithikan Pakuncen dudu dadi Pasare Masyarakat kelas ngisor. Masyarakat menengah diajab uga gelem nekani pasar iki. Carane yaiku pasare digawe resik, rumesep menawa disawang. Kanthi mangkono padha rumangsa seneng menawa teka ana ing pasar iki. Merga pasare resik. Anggone nata uga becik.
            Saliyane minangka papan dol tinuku, pasar Klithikan Pakuncen uga bisa dadi obyek wisata alternatif. Bisa minangka papan tujuwan wisata. Merga ing mancanegara akeh kang gawe pasar Klithikan utawa pasar loak minangka papan wisata alternatif. ”Agen wisata uga wis nglebokake Pasar Klithikan minangka papan tujuwan wisata,” mangkono pratelane Herry Zudianto.
           Apa pepenginane Pasar Klithikan Pakuncen minangka papan wisata alternatif bisa kasembadan. Temtu gumantung kepriye pihak pengelola pasar, para pedagang anggone nata dagangan. Apik apa ora. Menawa apik, temtu pangarep – arep para wisatawan mancanegara kang teka ing Yogyakarta saliyane kepengin weruh Keraton Yogyakarta, utawa menyang Candi Prambanan uga menyang Pasar Klithikan Pakuncen.



Sumber : Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar