Minggu, 04 Januari 2015

Cara Nyemak Wara - wara

Cara Nyemak Wara – wara
            Nyemak yaiku sawijining proses kegiatan nyemak lambing – lambing lesan kanthi wigati, duweni pemahaman, apresiasi serta interpretasi kanggo entuk informasi, pesen, serta paham maknane komunikasi sing diwedharake dening wong sing ngomong kanthi piranti basa lesan.
            Nyemak wacan nonsastra ing piwulang basa jawa bisa arupa nyemak wara – wara, pawarta lan nyemak cerita. Nyemak wara – wara, pawarta lan cerita mau kalebu nyemak intensif. Tegese nyemak kang dilakoni kanthi tumemen lan konsentrasi sing mirunggan, intensif – konsentratif. Supaya anggone nyemak mikolehi kasil kang dikarepake. Ana babagan kang perlu digatekake yaiku :
1.    Nyiapake fisik lan mental, tegese kahanan sehat, ora kesel, mental stabil lan pikirane padhang.
2.    Konsentrasi, tegese musatake perhatian lan pikiran maring apa kang lagi disemak.
3.    Motivasi, tegese duwe tujuan tertempu kang pengin digayuh.
4.    Obyektif, tegese mangerteni saben thek – ikliwere apa kang disemak.
5.    Selektif, tegese tansah milih perangan penting bab semakan.
6.    Nyemak kanthi wutuh.
7.    Ora gampang keganggu swara – swara.
8.    Ngregani pawongan sing ngendikan, ora ngremehake.
9.    Rikat anggone mangerteni kahanan (menyesuaikan diri).
10. Ora emosional, ora ngenyek pawongan sing ngendikan.
11. Kontak kalawan pawongan kang lagi ngendikan.
12. Ndamel rangkuman.
13. Mbiji materi ingkang diandharake.

14. Maringi tanggapan utawi komentar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar