Sabtu, 20 Desember 2014

Artikel

Tedhak Siti

Ing tanah Jawa iki akeh banget upacara adat kang nganti seprene isih diugemi dening masyarakat. Bab kuwi nuduhake sanajan jamane wis maju, nanging adat istiadat tradhisonal ora dilalekake. Salah sijine upacara iku arane Tedhak Siti.
Upacara Tedhak Siti yaiku upacara kanggo bocah kang umure pitung sasi. Umur pitung sasi iku kanggone bocah lagi wayahe ditletah. Iya amarga ditlatah iku sikile mesthi ngidak lemah. Sadurunge bocah mau ngidak lemah kang sepisanan, dianakake upacara Tedhak Siti. Urutane upacara Tedhak Siti yaiku :
1.    Nyirami
Bocah kang arep dislameti didusi nganggo banyu kembang supaya wangi banjur disalini klambi anyar gres.
2.    Midak Jadah
Bocah kang wis didandani mau banjur ditletah ing jadah pitung warna.
3.    Menek Tebu Wulung
Sawise pidakan jadah banjur diajari menek tebu wulung lan dilungguhake ing pucuke kanthi ancas besuk bisa dadi pemimpin.
4.    Dikurung
Bubar dilungguhake ing tebu wulung, banjur dilungguhake ing lampit lan dikurungi kurungan jago. Ing jero kurungan dicepaki ubarampe wong urip kang diwadhahi tampah kayata : beras kuning, dhuwit, jungkat, kaca, pari, potelot, lan sapiturute. Bocah mau diajab jupuk salah siji saka uba rampe mau, jare apa kang dipilih mau sing dadi gambarane apa kang bakal dumadi ing wektu dewasa.
5.    Udhik-Udhik
Udhik-udhik yaiku nyebar beras kuning karo dhuwit kang ana tampah mau, minangka tandha amal lan sedekah.
6.    Ubarampe
Kembang setaman, sapu gerang, lan piranti sanguning wong urip.
7.    Sesaji
Kang pungkasan awujud tumpeng. Upacara tedhak Siti ancase kanggo ngenalake bocah marang alam lingkungan kang bakale kanggo urip.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar