Minggu, 07 Desember 2014

Kumpulan Paribasan

Paribasan

Paribasan

A 
1.    Adhang-adhang tètèsé êmbún.
 Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.
2.    Adigang, adigúng, adigunå
Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
3.    Aji gódhóng garíng.
Wis ora ånå ajiné/asór banget
4.    Ånå catúr mungkúr.
Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík
5.    Ånå daulaté ora ånå bêgjané.
Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidå.
6.    Ånå gulå ånå sêmut.
Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
7.    Anak polah båpå kêpradah.
Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwå.
8.    Anggênthóng umós.
Wóng kang ora biså nyimpen wêwadi.
9.    Angón mångså.
Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak.
10. Angón ulat ngumbar tangan.
Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng.
11. Arêp jamuré êmoh watangé.
Gêlêm kêpenaké ora gêlêm rêkasané.
12. Asu rêbutan balúng.
Rebutan barang kang sêpélé.
13. Asu bêlang kalúng wang.
Wóng asór nangíng sugíh.
14. Asu gêdhé mênang kêrahé.
15. Wóng kang dhuwúr pangkaté,
      mêsthi baé luwih gêdhé panguwasané
16. Asu marani gebúk.
Njarag marani bêbaya.
17. Ati béngkong olèh óncóng.
Wóng duwé niyat ålå oléh dalan.
B 
1.    Bålådéwå ilang gapité.
Ilang kakuwatané/kaluhurané.
2.    Banyu pinêrang ora bakal pêdhót.
Pasulayané sêdulur ora bakal medhótake pasêdulurane.
3.    Bathang lêlaku.
Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbêbayani.
4.    Blåbå wudå.
Saking lomane nganti awake dhéwé ora kêduman.
5.    Bèbèk mungsuh mliwís.
Wóng pintêr mungsuh pådhå wóng pintêr.
6.    Bêcík kêtitík ålå kêtårå.
Bêcik lan ålå bakal kêtårå ing têmbé mburiné.
7.    Bêlo mèlu sêton.
Manút grubyúk ora ngêrti karêpé.
8.    Bêras wutah arang bali mênyang takêré.
Barang kang wís owah ora bakal bali kaya mauné.
9.    mBidhúng api rowang.
Ethók-éthók nulúng nangíng sêjatiné arêp ngrusuhi.
10. Blilu tau pintêr durúng nglakoni.
Wóng bodho nanging sêríng nglakóni, luwih pintêr karo wóng pintêr nanging durung tau nglakóni.
11. Bubuk olèh lèng.
Wóng duwé niyat ålå olèh dalan.
12. Búng príng petúng.
Bocah kang lónggór (gêlis gêdhé).
13. Buntêl kadút, ora kinang ora udút.
Wóng nyambút gawe bóróngan ora olèh mangan lan udut /rokok.
14. mBuru ucêng kélangan dhêlêg.
Mburu barang sêpélé malah kélangan barang kang luwíh gêdhé.
15. Busúk kêtêkúk, pintêr kêblingêr.
Síng bodho lan síng pintêr pådhå nêmu cilåkå.
C 
1.    Carang canthèl.
Ora diajak gunêman nanging mèlu-mèlu ngrêmbug.
2.    Car-cór kåyå kurang janganan.
Ngómóng cêplas-cêplós ora dipikir dhisik.
3.    Cathók gawèl.
Sênêng cawé cawé mêsthi ora diajak gunêman.
4.    Céból nggayúh lintang.
Kêkarêpan kang mokal bakal kêlakón.
5.    Cêcak nguntal cagak.
Gêgayuhan kang ora imbang kekuwatan.
6.    Cêdhak cèlèng boloté.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
7.    Cêdhak kêbo gupak.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
8.    Ciri wanci lêlai ginawa mati.
Pakulinan ålå ora biså diowahi yèn durung nganti mati.
9.    Cincing-cincing mêksa klêbus.
Karêp ngirid nanging malah êntèk akèh.
10. Criwis cawís.
Sênêng maido nanging yó sênêng mènèhi/muruki.
11. Cuplak andhêng – andhêng yèn ora pêrnah panggonan bakal disingkiraké.
Wóng kang njalari ålå, bêcík disingkiraké.
D 
1.    Dadiyå banyu emóh nyawuk, dadiyå gódhóng emóh nyuwèk, dadiyå sukêt emóh nyênggút.
Wis ora gêlêm nyanak / såpa arúh.
2.    Dahwèn ati opèn.
Nacad nangíng mbênêrake wong liya.
3.    Dhandhang diunèkaké kuntúl, kuntúl diunèkaké dhandhang.
Ålå diunèkaké bêcí, bêcík diunèkake ålå.
4.    Déså måwå cårå, negårå måwå tåtå.
Saben panggonan duwé cårå utåwå adat dhéwé dhéwé.
5.    Dhêmit ora ndulít, sétan ora doyan.
Tansah diparingi slamêt ora ånå kang ngrusuhi.
6.    Digarókake dilukókake.
Dikóngkón nyambút gawe abót.
7.    Didhadhungå medhót, dipalangånå mlumpat.
Wóng kang kêncêng karêpé, ora kênå dipênggah manèh.
8.    Diwènèhi ati ngrógóh rêmpêla.
Wis diwènèhi sêthithík, malah njaluk kang akèh.
9.    Dóm sumurup ing banyu.
Laku sêsidhêman kanggo mêruhi wêwadi.
10. Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan.
Sênajan wóng liya nèk nêmoni rêkasa bakal dibélani.
11. Dukå yayah sanipi, jåjå bang mawingå wingå.
Wóng kang nêsu banget.
12. Dudutan lan anculan.
Pådhå kêthikan, síng siji éthok-éthok ora ngêrti.
13. Durúng ilang pupak lêmpuyangé.
Wóng kang dianggêp bocah cilík durung ngêrti åpå-åpå.
14. Durúng pêcus kêsêlak bêsús.
Durúng sêmbada nanging kêpingín síng ora-ora.

E 
1.    Éman éman ora keduman.
Karêp éman malah awaké dhéwé ora kêduman.
2.    Êmban cindé êmban siladan.
Pilíh kasíh ora adíl.
3.    Êmbat êmbat cêlarat.
Wóng nyambút gawé kanthi ngati-ati bangêt.
4.    Êmprít abuntút bêdhúg.
Pêrkara síng mauné sêpélé dadi gêdhé.
5.    Êndhas gundhúl dikêpêti.
Wís kêpénak ditambahi kêpénak manèh.
6.    Êndhas péthak kêtiban êmpyak.
Wóng kang bola-bali nêmu cilaka.
7.    Ênggon wêlut didoli udhèt.
Panggoné wóng pintêr dipamèri kapintêran síng ora sêpirowå.
8.    Êntèk ngamèk kurang golèk.
Olèhé, ngunèni/nyênèni sakatogé.
9.    Êntèk jaraké.
Wís êntèk kasugihané.
10. Ésuk dhêlé soré témpé.
Wóng kang ora têtêp atiné (méncla – ménclé).
G 
1.    Gagak nganggo lar mêrak.
Wóng asór (cilík) tumindak kaya wóng luhúr (gêdhé).
2.    Gajah alingan sukêt têki.
Laír lan batine ora pådhå, mêsti bakal kêtårå.
3.    (ng) Gajah êlar.
Sarwå gêdhé lan dhuwur kêkarêpané.
4.    Gajah ngidak rapah.
Nrajang wêwalêr dhéwé.
5.    Gajah pêrang karo gajah, kancíl mati ing têngah.
Wóng gêdhe kang pådhå pasulayan, wóng cilík síng dadi korban.
6.    Garang garíng.
Wóng sêmugíh nangíng sêjatiné kêkurangan.
7.    Gawé luwangan nggo ngurugi luwangan.
Golèk utangan kanggo nyaúr utang síng dhisík.
8.    Gayúk-gayúk tuna, nggayúh nggayúh lupút.
Samubarang kang dikarêpaké ora bisa kêturutan.
9.    Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pakolèh.
Sênajan alon-alon anggoné tumindak, nangíng bisa kalêksanan kêkarêpané.
10. Golèk banyu bêníng.
Mêguru golèk kawruh síng bêcík.
11. Golèk-golèk kêtêmu wóng luru-luru.
Karêpe arêp golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang).
12. Gupak puluté ora mangan nangkané.
Mèlu rêkasa nangíng ora mèlu ngrasakaké kêpénak.
13. Idu didilat manèh.
Murungaké janji síng wís diucapaké.
14. Iwak lumêbu wuwu.
Wóng kêna apus kanthi gampang.
J 
1.    (n)Jagakaké êndhógé si blórók.
Njagakaké barang kang durung mêsti ånå lan orané.
2.    (n)Jajah désa milang kori.
Lêlungan mênyang êndi-êndi.
3.    Jalmå angkårå mati murkå.
Nemoni cilåkå jalaran angkårå murkané.
4.    (n)Jalukan ora wèwèhan.
Sênêng njaluk ora gêlêm mènèhi.
5.    Jati kêtlusupan ruyúng.
Kumpulané wóng bêcik klêbon wóng ålå.
6.    Jaran kêrubuhan êmpyak.
Wóng wís kanji (kapók) bangêt.
7.    Jarít lawas ing sampiran.
Duwé kapintêran nangíng ora digunakaké.
8.    Jêr basuki måwå béa.
Samubarang gêgayuhan mbutuhaké wragat.
9.    (n)Jujú muwúl.
Prakårå kang nambah-nambahi rêkåså.
10. (n)Junjúg ngêntêbaké.
Ngalêmbana nangíng duwe niyat ngasoraké.
K 
1.    Kacang ora ninggal lanjaran.
Kabiasané anak niru wóng tuwané.
2.    Kadang konang.
Gêlêm ngakóni sêdulur mung karo síng sugíh.
3.    Kalah cacak mênang cacak.
Samubarang pênggawéyan luwíh bêcík dicoba dhisík biså lan orané.
4.    Kandhang langít, bantal ombak, kêmúl mégå.
Wóng síng ora duwé papan panggonan
5.    Katépang ngrangsang gunúng.
Kagêdhen karêp/panjångkå mokal biså kelakón.
6.    Katón kåyå cempåkå sawakúl.
Tansah disênêngi wóng akèh.
7.    Kåyå banyu karo lêngå.
Wóng kang ora bisa rukún.
8.    Kakèhan gludhúg kurang udan.
Akèh omongé ora ånå nyatané.
9.    Kêbanjiran sêgårå madu.
Nêmu kabêgjan kang gêdhé bangêt.
10. Kêbat kliwat, gancang pincang.
Tumindak kêsusu mêsthi ora kêbênêran.
11. Kêbo bulé mati sétra.
Wóng pintêr níng ora ånå síng mêrlókaké.
12. Kebo ilang tómbók kandhang.
13. Wís kélangan ngêtokaké wragat manèh kanggo nggoleki malah ora kêtêmu pisan.
14. Kêbo kabótan sungu.
Rêkåså mergå kakèhan anak.
15. Kêbo lumumpat ing palang.
Ngadili prakårå ora nganggo watón.
16. Kêbo mulíh menyang kandhangé.
Wóng lunga adóh bali mênyang omah manèh.
17. Kêbo nusu gudèl.
Wóng tuwa jalúk wurúk wóng ênóm.
18. Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak.
Kêgêdhèn kakêrêpan nangíng kurang sêmbada.
19. Kajugrugan gunúng mênyan.
Olèh kabêgjan kang gêdhé bangêt.
20. Kêkudhúng welulang macan.
Ngapusi nggawé jênêng wóng kang diwêdèni.
21. Kêlacak kêpathak.
Ora bisa mungkír, jalaran wís kabuktèn.
22. Kêna iwaké åjå nganti buthêg banyuné.
Síng dikarêpaké kêlakon níng åjå nganti gawée rusak/ramé.
23. Kêncana katon wingka.
Sênajan apík nangíng ora disênêngi
24. Kêndêl ngringkêl, dhadhag ora godak.
Ngaku kêndêl tur pintêr jêbu1 jiríh tur bodho.
25. Kênès ora èthès.
Wóng sugíh umúk nangíng bodho.
26. Kêplók ora tómbók.
Wóng sênêngané maido thók, ora gêlêm mélu cawé-cawé.
27. Kéré munggah balé.
Batúr dipèk bojo karo bêndarané
28. Kéré nêmoni malêm.
Wóng kang bêdhighasan / sêrakah.
29. Kêrot ora duwé untu.
Duwé kekarêpan níng ora duwé bandha/wragat.
30. Kêrubuhan gunúng.
Wóng nêmóni kêsusahan síng gêdhé bangêt.
31. Kêsandhúng ing råtå, kêbêntus ing tawang.
Oleh cilåkå síng ora dinyånå nyånå.
32. Kêtula-tula kêtali.
Wóng kang tansah nandhang sêngsara.
33. Kêthèk saranggón.
Kumpulan wóng kang tindak ålå.
34. Kléyang kabúr kanginan, ora sanak ora kadang.
Wóng síng ora duwé panggónan utåwå omah síng têtêp.
35. Klênthíng wadah masin.
Angèl ninggalaké pakulinan tumindak ålå.
36. Kongsi jambúl wanên.
Nganti tumêkan tuwå bangêt.
37. Krókót ing galêng.
Wóng kang mlarat banget.
38. Kriwikan dadi grójógan.
Prakårå kang maune cilík dadi gêdhé.
39. Kumênthus ora pêcús.
Sênêng umúk nanging ora sêmbada.
40. Kurúng munggah lumbúng.
Wóng asór/cilík didadèkaké wóng gêdhé.
41. Kuthúk nggéndhóng kêmiri.
Manganggo kang sarwå apík/aji liwat dalan kang mbêbayani.
42. Kutúk marani sundúk ulå marani gêpúk.
Njarag marani bebåya.
43. Kuncúng nganti têmêka gêlúng.
Suwe bangêt anggoné ngêntèni.
44. Ladak kêcangklak.
Wóng kang angkúh nêmóni pakéwúh margå tumindaké dhéwé.
45. Lahang karóban manís.
Rupané bagús/ayu túr luhúr bêbudèné.
46. Lambé satumang kari sêmêrang.
Dituturi bola-bali mêksa ora digugu.
47. Lanang kêmangi.
Wóng lanang kang jirèh.
48. Lêgan golèk mómóngan.
Wís kêpénak malah golèk rêkasa.
49. Lumpuh ngideri jagad.
Duwe kekarepan kang mokal keturutan.
M 
1.    Maju tatu mundúr ajúr.
Prakårå kang sarwå pakéwúh.
2.    Matang tunå numbak luput.
Tansah lupút kabèh panggayuhané.
3.    Mbuang tilas.
Éthok-éthok ora ngêrti marang tumindaké kang ålå síng lagi dilakoni.
4.    Mênêng widårå ulêran.
Katón antêng nanging sêjatiné ala atiné.
5.    Mêntung kojå kêna sêmbaginé.
Rumangsané ngapusi, nangíng sêjatiné malah kêna apus.
6.    Mêrangi tatal.
Mêntahi rêmbug kang wís matêng.
7.    Mikúl dhuwúr mêndhêm jêro.
Biså njunjúng drajat wóng tuwå.
8.    Milíh-milíh têbu olèh bolèng.
Kakèhan milíh, wêkasan olèh kang ora bêcík.
9.    Mrójól sêlaning garu.
Wóng kang lupút såkå bêbåyå.
10. Mubra-mubru mblabar madu.
Wóng síng sarwå kêcukupan.
N 
1.    Nabók nyilih tangan.
Tumindak ålå kanthi kóngkónan wóng liyå.
2.    Ngagar mêtu kawúl.
Ngójók-ngójóki supåyå dadi pasulayan, nanging síng diójók-ójóki ora mêmpan.
3.    Ngajari bèbèk nglangi.
Pênggawéyan síng ora ånå paédahé.
4.    Ngalasake negårå.
Wóng síng ora manut pranatan negårå.
5.    Ngalem lêgining gulå.
Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh.
6.    Ngaturake kidang lumayu.
Ngaturaké barang kang wis ora ånå.
7.    Nglungguhi klåså gumelar.
Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå.
8.    Ngóntragaké gunúng.
Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti gawé kagèt wóng akèh.
9.    Nguthik-uthik macan dhédhé.
Njarag wóng kang wís lilíh nêpsuné.
10. Nguyahi segårå.
Wèwèh marang wóng sugíh kang ora ånå pituwasé.
11. Nucúk ngibêraké.
Wís disuguhi mangan mulíh isíh mbrêkat.
12. Nututi layangan pêdhót.
Nggolèki barang sêpélé síng wis ilang.
13. Nyangóni kawula minggat.
Ndandani barang kang tansah rusak.
14. Nyólóng pêthèk.
Tansah mlèsèt såkå pamèthèke/pambatang.
O 
1.    Obah ngarep kobèt mburi.
Tumindaké panggêdhé dadi contoné/panutané kawula alít.
2.    Ópór bèbèk, mêntas awaké dhèwèk.
Rampung såkå rékadayané dhéwé.
3.    Ora ånå banyu mili menduwúr.
Wataké anak biasané niru wóng tuwané.
4.    Ora ånå kukús tanpå geni.
Ora ånå akibat tanpå sebab
5.    Ora gonjå ora unús.
Wóng kang ålå rupane ugå atine.
6.    Ora mambu énthóng irús.
Dudu sanak dudu kadang.
7.    Ora tembúng ora tawúng.
Njupúk barange liyan tanpå kåndhå dhisík.
8.    Ora uwúr ora sêmbúr.
Ora gêlêm cawé-cawée babar pisan.
9.    Ora kinang ora udút.
Ora mangan åpå-åpå.
10. Othak athik didudút angèl.
Gunêmé sajak kêpéenak, barêeng ditêmêni jêbul angèl.

P 
1.    Palang mangan tandúr.
Diwènèhi kepercayan nangíng malah gawé kapitunan.
2.    Pandêngan karo srêngéngé.
Mêmungsuhan karo panguwåså.
3.    Panditanê antaké.
Lairé katon suci batine ålå.
4.    Pêcrúk tunggu bårå.
Dipasrahi barang kang dadi kêsênêngané.
5.    Pitík tróndhól diumbar ing padaringan.
Wóng ålå dipasrahi barang kang aji, wêkasan malah ngêntèk-êntèki
6.    Pupúr sadurúng benjút.
Ngati-ati mumpúng durúng cilaka.
R 
1.    Rampèk rampèk kêthèk.
Nyêdhak- nyêdhak múng arêp gawé kapitunan.
2.    Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng.
Samubarang kang ngalang alangi bakal disingkiraké.
3.    Rêbút balúng tanpa isi.
Pasulayan mêrga barang kang sêpèlè.
4.    Rindík asu digitík.
Dikóngkón nindakaké(pênggawéyan kang cócók karo kêkarêpané.
5.    Rupå nggéndóng rêgå.
Margå barang apík mulå rêgané yå larang.
6.    Rukún agawé santoså, crah agawé bubrah.
Yèn padhå rukún mêsti padhå santoså, yèn pådhå congkrah mêsti bakal bubrah rusak.
S 
1.    Sabar sarèh mêsti bakal pikolèh.
Tumindak samubarang åjå kesusu.
2.    Sabåyå pati, sabåyå mukti.
Kerukunan kang nganti tekan pati.
3.    Sadumúk bathúk, sanyari bumi.
Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.
4.    Sandhíng kebo gupak.
Cedhak wóng tumindak ålå, biså-biså katut ålå.
5.    Satru mungging cangklakan.
Mungsuh wóng kang isih sanak sadulur.
6.    Sêdhakêp awé-awé.
Wís ninggalake tumindak ålå, nanging ing batín isíh kepingín nglakoni manèh.
7.    Sêmbúr-sêmbúr adús, siram-siram bayêm.
Bisa kalêksanan margå olèh pandongàné wong akèh.
8.    Sêpi ing pamrih, ramé ing gawé.
Nindakaké panggawéyan kanthi ora duwé kamélikan åpå-åpå.
9.    Síng såpå salah bakal sèlèh.
Såpå síng salah bakal konangan.
10. Sluman slumun slamêt.
Sênajan kurang ngati-ati. nangíng isíh diparingi slamêt.
11. Sumúr lumaku tinimba, góng lumaku tinabúh.
Wóng kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakóni.
T 
1.    Tebu tuwúh socane.
Prakårå kang wis apík, bubrah margå ånå kang durung mêsthi salah lan bênêré.
2.    Téga larané ora téga patiné.
Sênadyan néegakake rêkasané, nangíg isíh mènèhipitulungan.
3.    Têkèk mati ing ulóné.
Nêmóni cilåkå margå såkå gunêmé dhéwé.
4.    Timun jinårå.
Prakårå gampang bangêt.
5.    Timun mungsuh durèn.
Wóng cilík mungsúh pànguwåså, mêsthi kalah.
6.    Timún wungkúk jaga imbúh.
Wóng bodho kanggone múng yèn kêkurangan baé.
7.    Tinggal glanggang cólóng playu.
Ninggalaké papan pasulayan.
8.    Tulúng mênthúng.
Katóné nulungi, jêbulé malah ngrusuhi.
9.    Tumbak cucukan.
Wóng síng sênêng adu-adu.
10. Tuna sathak bathi sanak.
Rugi båndhå, nangíng bathi pasaduluran.
11. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
Prakårå ålå ngåmbrå åmbråa, prakårå becik kari sathithík.
12. Tembang rawat-rawat, ujare mbók bakul sunambiwårå.
Khabar kang durung mêsthi salah lan bênêré.
U 
1.    Ucul såkå kudangan.
Luput karo gêgayuhané.
2.    Ulat madhêp ati mantêb.
Wís mantêb bangêt kêkarêpané.
3.    Undaking pawartå, sudaning kiriman.
Biasané pawartå iku bédå karo kanyatakané.
4.    Ungak-ungak pager arang.
Ngisin isini.
5.    Welas tanpå alis.
Karêpé wêlas nangíng malah gawé kapitunan.
6.    Wís kêbak sundukané.
Wís akèh bangêt kaluputané.
7.    Wiwít kuncúng nganti gêlúng.
Wiwít cilík nganti gêdhé/tuwå.
Y 
1.    Yitnå yuwånå mati inå.
Síng ngati-ati bakal slamêt, síng sêmbrånå bakal cilåkå.
2.    Yiyidan munggíng rampadan.
Biyèné wóng dúrjånå/culikå, saiki dadi wóng síng alím.
3.    Yogå anyånggå yogi.
4.    Murid nirókaké piwulangé guru.
5.    Yuwånå mati lenå.
Wóng bêcík olèh cilåkå, margå kurang ati-ati.
6.    Yuyu rumpúng mbaróng róngé.
Omahé magróng-magróng nanging sêjatiné mlarat.


Jumat, 05 Desember 2014

Geguritan

Udan Wayah Sore

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu


http://www.njajalae.info/2013/04/contoh-kumpulan-puisi-bahasa-jawa-terbaru-geguritan.html

Kamis, 04 Desember 2014

Artikel

Pasar Klithikan Pakuncen Dadi Alternatif Wisata

          Pasar rongsokan utawa pasar klithikan temtu ana ing saben kutha. Pasar Klithikan Pakuncen sejatine madeg durung suwe. Pasar iki diresmekake tanggal 13 November 2007 dening Mentri Negara Koperasi dan UKM wektu iku suryadarma Ali.
            Sadurunge Pasar Klithikan Pakuncen iki minangka pasar kewan paling gedhe ing kukuban Daerah Istimewa yogyakarta. Ing sela – selane wektu minangka pengacara, Heniy nduweni kesenengan ngumpulake barang antik. Merga kepengin nambah koleksine dheweke asring dolan menyang Pasar Klithikan Pakuncen. Ing pasar klithikan dheweke asring nemokake barang – barang antik kang angel golekane.            Pancen ing pasar klithikan Pakuncen ora mung ana barang antik utawa loak kang kuna. Ing pasar iki uga ana barang – barang anyar. Barang – barang gaweyan anyar weton pabrik uga didhasarake ana ing pasar iki. Wiwit saka maneka busana kang asring ngrenggani Supermarket, sepatu lan tas modhel saiki. Tekan maneka peralatan komunikasi kaya ta telepon – telepon genggam lan blackberry modhel anyar uga bisa ditemokake ing pasar iki.            Miturut Purwanto, koleksine para pedagang handphone uga ora kalah karo konter – konter handphone kang ana ing pusat perbelanjaan. Kalebu siyap menehi garansi ing babagan dol tinuku. Aja wedi menawa barang sing ana kene iku barang peteng utawa cedhak gegayutane karo durjana.            Saliyane minangka papan dol tinuku, Pasar Klithikan Pakuncen uga bisa dadi obyek wisata alternatif. Bisa minangka papan tujuwan wisata. Merga ing Mancanegara akeh kang gawe pasar klithikan utawa pasar loak minangka papan wisata alternatif. “Agen wisata uga wis nglebokake Pasar Klithikan minangka papan tujuwan wisata,” mengkono pratelane Herry Zudianto.            Apa pepennginane Pasar Klithikan Pakuncen minangka papan wisata alternatif bisa kasembadan. Temtu gumantung kepriye pihak pengelola pasar, para pedagang anggone nata dagangan. Apik apa ora. Menawa apik, temtu pangarep – arep para wisatawan mancanegara kang teka ing Yogyakarta saliyane kepengin weruh Keraton Yogyakarta, utawa menyang Candi Prambanan uga menyang Pasar Klithikan Pakuncen.


Sumber : Panjebar Semangat

Selasa, 02 Desember 2014

Cerkak

Gusti Maha Welas


Wektune wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup wayangan sewengi natas ing bale desa.
Pak lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat saben, Pak Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :
Bu, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat, mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.
Tekan kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne, gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep lan nurut kuwi.
Bu lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone Mbokdhe Kromo, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane :
Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek karo nyedhak mangsuli :
O Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas, empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki. Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu lurah manthuk-manthuk karo ngendika :
O…. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.
Bubar ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kaya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorene pak lurah sekalihan merlokke tilik neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.
Tenan, tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Wiro sing mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.
Panjenengane pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo, tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :
?Piye Mbok Wiro, laramu??
?O Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam….. sampun kath…… kathah sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak Wiro sambung atur :
?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?
?O….. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.
?Anu Pak Lurah…. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Wiro ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh. Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli ngendikane bu lurah :
?Yu Wiro…! wis ta blaka wae neng Pak Lurah lan aku, supaya atimu entheng lan laramu gelis mari.? Pangatake bu lurah. Mbok Wiro mung srikutan tangane ngulapi luhe, panyawange diuncalake marang Marti anake sing ana ing sisihe. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Wiro ewuh anggone arep matur, mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep. Bareng Marti wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri Marti neng kiwa tengene karo ndangu :
?Sejatine Mbokmu kuwi mikir apa ta Ti, kowe kondhoa blaka, mengko yen bisa aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngrewangi ngentheng-enthengke.? Marti isih meneng wae ketok yen wedi. Ning gandheng karo bu lurah didhedhes terus, mula karo nangis ature :
?Pak Lurah… Bu Lurah….., Simbok sisah margi kula mboten angsal ndherek ujian awit dereng mbayar arta SPP kawan wulan, lan arta ujian ingkang kathahipun sedaya wonten kawan atus pitung ndasa ewu rupiyah.? Ature Marti karo kesesegen.
?Wis…… wis….. wis…. Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, kowe sesuk tak cukupi, mlebua sekolah ngaturke dhuwit kuwi neng gurumu.?
?Ning Pak…….. Bu Lurah….. criyosipun Simbok, sampun kathah sambutanipun Simbok dhateng Bu lurah, ingkang sepriki dereng saget ngunduraken. Mila Simbok ajrih matur, sajakipun Simbok kejudhegan. Kula ngertos Pak… Bu…., menawi dalu Simbok mboten saget tilem, tansah klisikan. Lan wusananipun lajeng sakit punika.?
?Wis…. wis….. Bune, ayo saiki awake dhewe nyedhak Mbok Wiro karo Marti pisan, mengko tak kandha.? Ngendikane pak lurah karo nggandheng sing putri lan Marti bali mlebu neng peturone Mbok Wiro. Pak lurah karo garwane nyedhak njur ngendika karo Mbok Wiro ngene :
?Mbok Wiro, sampeyan ora sah susah, sesuk esuk Marti ben mlebu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing patang sasi kuwi karo dhuwit ujian, supaya mbesuk bisa ujian. Kuwi dudu dhuwit utangan sing sampeyan kudu nyaur, ning tak paringke Marti supaya bisa melu ujian.? Rampung ngendikane pak lurah bu lurah sambung :
?Yu Wiro, utangmu neng aku sing mung mbaka sithik kanggo tambal butuh kuwi, ora usah mbok saur. Aku rila lahir batin. Saiki pikiran sampeyan digawa ayem ben enggal waras. Perlune yen ana kerepotanku, sampeyan, Kang Wiro, lan bocah-bocah bisa bareng-bareng ngrewangi.? Bubar ngendika ngono, pak lurah sekalihan nyalami Mbok Wiro, Pak Wiro lan Marti banjur pamit kondur. Pak Wiro lan Marti nguntapke tekan latar. Nalika bali mlebu, Mbok Wiro wis bisa lungguh, weruh anake mlebu, tangane diathungake Marti, dene Marti ya njur nubruk mbokne.
Kekarone rangkulan keket karo tetangisan disekseni Pak Wiro sing lungguh dheleg-dheleg neng waton amben. Tangis kabungahan sing tanpa upama.
Sawise padha adheng tangise, Mbok Wiro isih karo ngrangkul Marti kandha:
?Nok Marti lan kowe Bapakmu, tikel-tikelna olehmu caos atur panuwun marang Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga dene Gusti tansah midhangetke panyuwunanku, anggonku tansah dhedheku, ing ngarsa dalem.? Karo isih nggondhok-ondhok wangsulane Pak Wiro :
?Iya mbokne, mula dadi wong mono aja sumelangan, janji eling tansah ndedonga nyuwun lan mbudidaya, Gusti tansah bakal paring pitulungan.? Marti sambung :
?Iya ya Pak… Mbok….., Gusti olehe peparing lumantar Pak…. lan Bu Lurah.? Pak Wiro ngedhongi kandhane anake :
?Iya nok, Gusti kuwi pancen Maha Welas lan Asih.? Bubar iku wong telu sembahyang mirunggan bebarengan.
Cuthel
Sumber : Panjebar Semangat