Selasa, 06 Januari 2015

Wacana

Jamu kanggo Nglancarake BAB

Sing dikarepake BAB yaiku “buang air besar” utawa bebuwang. Wong sing ora lancar anggone bebuwang jenenge bebelan, sembelit, utawa istilah kedokterane yaiku konstipasi.
Yen normal saben dina wong mesthi bebuwang kanthi lancar, sethithike sepisan. Nanging ana kalane ndhodhok neng WC meh sakjam meksa ora bisa bebuwang. Sebabe werna-werna, merga pola mangan sing ora bener, kurang ngombe, mentas lara nemen, stroke, ana masalah ing usus besar, merga pengaruh obat-obatan, lan sapanunggalane. Sebab liyane merga umure wis tuwa (lansia). Umume wanita sing umure sandhuwure 65 taun kerep ngalami bebelan. Wanita mentas babaran uga kerep ngalami konstipasi sanajan durung mesthi kabeh ngalami mengkono.
Yen bebelan coba dhahar kates sing akeh lan ngunjuk banyu putih 4-6 gelas. Biasane bisa bebuwang. Nanging yen tetep angel coba ngunjuk jamu racikan kaya ing ngisor iki.
Aja dikulinakake ngunjuk obat pencahar (urus-urus), mundhak kulina lan gumantung marang obat mau.
Apa wae tanduran obat sing bisa nglancarake BAB?
a.    Pace (Mengkudhu)
Woh pace diarani who ajaib merga kasiyate bisa nambani maneka warna penyakit. Who pace ngandhut alkaloid triterpenoid lan morindon. Zat morindon iki sing bisa nglancarake BAB. Carane gawe jamu yaiku jupuk pace mateng loro sing gedhene sedhengan dikumbah sing resik terus diparut banjur diperes banyune, disaring. Ditambah uyah sethithik banjur diombe. Sedina ngombe kaping pindho yaiku esuk lan sore. Merga ambune ora enak, umume wong wegah ngombe sari pace asli. Bisa mundhut ing took obat sari pace gaweyan pabrik farmasi, rasane luwih enak lan ora mambu pace.

b.    Ilat baya (Lidah buaya)
Ilat baya ora mung kanggo nyuburake rambut, nanging uga kena kanggo tamba tatu lan nglancarake bebuwang (bebelan). Mundhut ilat baya setugel wae, dikumbah sing resik terus dionceki kulite. Daginge dicacah banjur dikum banyu umub ½ cangkir. Yen wis adhem ditambah madu 1-2 sendhok dhahar terus didhahar nganti entek.
Sedina katindakake kaping pindho. Wanita sing lagi ngandhut utawa sing lagi haid ora kena mangan jamu iki. Semono uga wong sing pencernaane ringkih, gampang mencret, ora kena mangan jamu iki.
c.    Temulawak
Temulawak sajempol dionceki, dikumbah resik banjur dirajang tipis diwadhahi gelas ditambah gula jawa sacukupe. Dikum banyu umub ditutup sing rapet. Yen wis anget diudhak, disaring banjur diunjuk. Sedina kaping pindho utawa kaping telu.
d.    Keji beling
Keji beling utawa Strobilanthes crispus ngandhut kalium, asam silikat, natrium, kalsium lan pencahar, sarta diuretic (mbancarake seni). Carane gawe yaiku njupuk godhong keji beling setengah gegem, dikumbah resik banjur digodhog karo banyu 2 gelas nganti kari separone yen wis adhem disaring, banjur diombe.

Sajrone ngombe jamu tradisional kudu ngunjuk banyu putih sing akeh, aja ngunjuk kopi lan teh. Nanging yen wis ngunjuk jamu meksa durung bias bebuwang prayogane menyang dokter utawa puskesmas wae. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar