Rabu, 07 Januari 2015

Wacana Eksposisi

Wacana Eksposisi

Eksposisi iku manut asal tembunge saka basa manca (Yunani/Latin) kang manut asale tegese yaiku “miwiti” utawa “babat alas”. Dadi,wacan iki kedadeyan menehi katrangan-katrangan sing sadurunge durung tau ana utawa wis suwe banget keselip wektu. Sipate mung menehi katrangan tanpa ajak-ajak marang sing maca tulisan kesebut.
Wujud karangan eksposisi bisa awujud “tipis”. Ing kalawarti upamane tips kasaran: Jambu kluthuk sing jerone isine abang iki bisa kanggo nyegah utawa nambani demam berdarah. Piye carane gawe, dhahar, lan sapanunggalane dibeberake ana ing wujud karangan eksposisi. Karangan eksposisi bisa kadhapuk saka:
1.    Pola proses, upamane tips kanggo ngudhunake tekanan dharah.
2.    Pola sebab akibat, upamane sebab anane banjir bandhang, akibate para warga akeh kang kaserang diare, kelangan bandha donya, lan sapanunggalane.

3.    Pola ilustrasi, gagasan sing mbutuhake kasunyatan: upamane nyritakake nalika ana kedadeyan tsunami kang nrajang Aceh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar