Sabtu, 03 Januari 2015

Pengertian Nomina

Nomina
1.    Pengertian
Nomina yaiku tembung kang nerangake tembung – tembung barang kanthi konkret lan abstrak.
Nomina konkret yaiku nomina kang bisa ditangkep nganggo panca indra.
-       Tuladha : Omah, buku, sandal.
Nomina abstrak yaiku nomina kang ora bisa ditangkep panca indra.
-       Tuladha : kapinteran, kepercayaan.
2.    Ciri – ciri Nomina
a.    Perilaku Morfologi
Ciri kang sifat morfologise ana lan kudu digatekake nganti dadi polomorfemis. Afiks kang gawe nomina : paN = pambujuk, pe- = paweling, isp. Konfiks kang gawe nimona : ka-/-an, sufiks –an, isp.
b.    Perilaku Sintaksis
·         Nomina bisa nggabung karo tembung “dudu” nanging ora bisa nggabung karo tembung “ora”.
Tuladha : dudu kembang, ora kembang
·         Nomina bisa nggabung karo adjektiva, bisa kanthi langsung utawa karo pronomina relativ “sing” utawa “kang”.
Tuladha : bocah pinter, bocah kang pinter
·         Nomina bisa nggabung karo nomina /verbal, kanthi nganggo pewates/modifikator.
Tuladha : basa jawa, kembang mawar
·         Nomina bisa nggabung karo pronominal persona/karo enklitik pronominal –ku, -mu, dadi pewatas posesif.
Tuladha : Klambimu, sepedhaku
·         Ana ing kalimat predikate verba, nomina bisa dadi S, O, utawa palengkap (jangkepan).
c.    Perilaku Semantik
Perilaku semantik bisa kanggo pengacu unsur kang nyata, bisa arupa wong, kewan, wit – witan, gagasan, isp.
3.    Pengkategorian Nomina
a)    Nomina monomorfemis lan nomina polimorfemis
b)    Nomina tunggal lan nomina ora tunggal
c)    Nomina generik lan nomina spesifik
d)    Nomina umum lan nomina khusus
e)    Nomina abstrak lan nomina konkret
f)     Nomina insani lan nomina ora insani
g)    Nomina nama diri lan ora nama diri
4.    Bentuk lan Makna Morfologi Nomina
a.    Nomina Murni
Yaiku nomina kang asli saka kelas nomina kuwi dhewe. Ora kabentuk saka kelas tembung liyane.
Tuladha : meja, kursi, kalurahan, dewa, dewi, penabuh, isp.
b.    Nomina Non Murni
Yaiku nomina kang kabentuk saka kelas tembung liyane. Nomina non murni ana 3, yaiku :
1.    Nomina de verbal, yaiku nomina kang dibentuk saka proses transposisi saka tembung verba.
Tuladha : panguripan, panggorengan, tanduran, isp.
2.    Nomina de adjektiva, yaiku nomina kang dibentuk saka transposisi saka tembung adjektiva.
Tuladha : pengayom, panglipur, wewangi, isp.
3.    Nomina de numeralia, yaiku nomina kang dibentuk saka proses transposisi saka tembung numeralia.

Tuladha : prapapan, atusan, puluhan, isp.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar