Kamis, 08 Januari 2015

Geguritan

Kerukunan
(Sunardi KS)

Kerukunan iku kaya unine siter
Senajan saka senar kang beda-beda
Nuwuhake endahe wirama
Yen kabeh yaga kudu nyuwara
Tanpa genti-genten menehi kalodhangan liyan
Ora bakal nuwuhake lagu
Kang kapenak dirungu

Kerukunan iku kaya kartika ing angkasa
Nduweni papan kang merdika
Kerukunan iku kaya rembulan lan bagaskara
Ngayahi jejibahan kang ora padha
Kerukunan iku kaya driji-driji tangan lima
Yen salah sawiji sulaya
Ora bakal nduweni daya

Kerukunan iku kaya hawa
Kang tansah mlebu-metu bolongane grana
Tanpa ngawistara


Sumber : Pustaka Candra, April 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar