Jumat, 09 Januari 2015

Geguritan

Potret Jaman

Yen guritan iki wis kokwaca mitra
Apa sliramu uga nglarasake apa kang dakrasa
Wis lawas dhadha iki nyimpen ati sumelang
Tansah kagugah saben aku tumenga ing tawang
Nyawang lintang, nyawang rembulan,
Nyawang srengenge lan mega-mega malang
Kang nyekseni mobah mosiking jaman.
Dheweke ora bakal dora
Lamun gelema crita lelakone manungsa kang kebak sandiwara

Dora lan dosa wis kaya sega jangan
Dadi slogan digelar sadalan dalan
Ora maido yen larasing urip tansah mblero
Donya prasasat wis kentekan wong bodho.
Angger irung rumangsa pinter, anger cangkem mbengok banter
Pandoming bebener bisa diingar-inger amrih akeh sing mbeseli sawer
Ah perlune nggresah,
Pancen donya wis kakehan wong latah
Angger irung kepengin disembah
Crita nggladrah jarene kotbah
Sabdane Gusti diobral murah, pamrihe oleh lembaran tukon omah,
Njur apa sing salah?
Potret jaman pancen wis manjing dadi kanyatan
Gawe sumelang yen anak putu kelangan panutan


Sumber : Panjebar Semangat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar