Sabtu, 10 Januari 2015

Tingkepan

TINGKEPAN

Tingkepan yaiku tata cara lan tata upacara masyarakat Jawa sing dilaksanakake wektu kandutane wong wanita umur pitung sasi lan mbobot sing sepisanan. Tingkepan kasebut uga mitoni. Pelaksanaane tingkepan biasane dilaksanakake miturut itungan neptu (dina lahir lan pasaran calon ibu lan calon bapak tuladha dina Senin pasaran Pon) kanggo nggolek wektu sing dianggep tepat, keadaane calon ibu lan uga soko kepraktisan.
Peralatan ( hal sing mendukung pelaksanaane tata upacara tingkepan) sing digunakake akeh lan nduweni makna simbolis. Peralatan kasebut yaiku pengaron (tampah banyu), toya suci perwita sari (air suci yang diambilkan dari tujuh sumber), sekar setaman (bunga mawar, melati, kantil lan utawa kenanga), nyamping (kain jarit) pitu jenis (yaiku motif sidomukti, truntum, udan riris lan sing wajib kudu ana yaiku motif dringin) lan mori (salembaran kain putih). Peralatan sing liya kursi chilik (dhingklik), daun kluwih, alang-alang dan kapa-kapa, klasa bangka (klasa soko anyaman godhong pandan), janur kuning, keris lan kunir, ndog pithik, kambil gading sing nom, klenthing, pithik lan kurungan, siwur (gayung banyu soko batok kambil ora diilangi kelapane), rujak lan dhawet. Ing buku iki tegese simbolis peralatan kasebut diterangkake nganggo cara sederhana tapi jelas lan gampang dimangerteni.
Piranti (miturut sing nulis kanggo ngganti tembung sesaji amarga sesaji nduweni nuansa aninisme lan dinamisme) tingkepan akeh lan uga nduweni teges simbolis. Piranti kasebut yaiku tumpeng pitu karo lawuhe, tumpeng robyong lan tumpeng gundul, ndog penyu (digawe soko ndok pitik pit sing diwarnai abang), jenang procot, clorot, sekul punar (sega kuning), jenang (yaiku jenang abang, jenang putih, jenang abang putih, jenang palang putih, jenang palang abang, jenang baro-baro abang, jenang baro-baro putih, jenang sungsum lan bubur sungsum, jenang lare), tumpeng damar, pring sedhapur (ruas pring cilik pitu sing ditali), babon angrem, pasung, kupat pletek, apem, cenil lan klepon, srinthil thiwul, kacang panjang, lobak, kubis, lembayung, nasi gurih lan buah-buahan. Sawernane piranti kasebut ing buku iki sanajan ora jelas disebutake bahan lan bentuk. Tuladha jenang procot digawe soko glepung beras sing dimasak lan diwenehi gula. Ing bagian tengah diwenehi gedhang utuh sing dimasak dhisik. Yaiku jenang procot karo pangarep jabang bayi lahir (mrocot) cepet, lancar lan slamet ibu karo bayine.
Proses upacara tingkepan soko pambuka (dilaksanakake karo pembawa acara, sambutan sugeng rawuh lan ucapan matur suwun kanggo tekane para tamu, diterusake upacara inti tingkepan yaiku sungkeman, siraman, sesuci, pecah pamor, brojolan, sigaran, nyampingan, luwaran lan simparan, wiyosan, kudangan, bubukan, kembulan lan unjukan, kukuban, rencakan, rujakan lan dhawetan. Sawise upacara inti rampung bisa diterusake karo mangan bareng lan acara terakhir yaiku penutup. Proses upacara tingkepan ing buku iki diuraiake cukup jelas. Upacara tingkepan menehi ucapan matursuwun, donga lan pangarep marang gusti allah.

Tata Krama Wong Mlaku

Tata krama Wong Mlaku

1. Ora kena sinambi mangan lan ngombe.
2. Ora kena sinambi gojekan.
3. Kudu tansah ngati-ati, ngawasake ngarep, ngerti kahanan kiwa tengen lan mburine.
4. Yen bareng wong tuwa, becike ing mburi.
5. Yen ndisiki tindake wong tuwa becike uluk-uluk, umpamane “nuwun sewu ngrumiyini”.
6. Yen liwat ing sangarepe wong tuwa lagi lenggahan, uluk-uluk, umpamane “nuwun sewu utawi nderek langkung”.
7. Saupama mlaku aja nyeret sandal utawa sepatu utawa ngetebake sikil.
8. Mlaku ing sisih kiwa.
9. Aja mlaku jejer-jejer ing dalan umum, yen mlaku jejer loro wae.
10. Sing kakung mlaku ing sisih tenngene wong wadon.
11. Aja bengak-bengok.

Sarung

Sarung



Sarung utawa sarong iku kain amba kang pucuk siji lan sijine disambung saengga dadi kawangun kaya plempem utawa pipa. Ing tanah Jawa, sarung utamane dipigunakake dening wong lanang kanthi dibebetake lan dianggo ing samubarang panggaweyan. Sarung uga dadi sandhangan tumrap wong Melayu, Asia Kidul-wetan, Arab, Sungu Afrika lan pira-pira ing dhaerah Pasifik. Umume sarung nduweni corak kothak-kothak, senajan uga saiki ana sarung kang nduweni corak wewangun kewan utawa tanduran.

Cara Gawe Bathik

Cara Gawe Bathik

Awale bathik digawe ing sandhuwure bahan kanthi werna putih, kagawe saka kapas sing diarani kain mori. Diwasa iki bathik uga digawe ing sandhuwure bahan liya kayata sutra, polyester, rayon lan bahan sintesis liyane.

Motif bathik dibentuk nganggo cuweran lilin kanthi migunakake alat sing diarani canthing kanggo motif alus, utawa kuwas kanggo motif mawa ukuran gedhe, saengga cuweran lilin mresep jroning serat kain. Kain sing wis dilukis nganggo lilin banjur dicelup kanthi werna sing dikarepake, biasane diwiwiti saka werna-werna enom. Panyelupan banjur dilakokake kanggo motif liya kanthi werna lwih tuwa utawa peteng. Sawise makaping-kaping ngliwati proses pawernan, kain sing wis dibathik dicelupake menyang bahan kimia kanggo nglarutake lilin.

Kebaya

Kebaya


Kebaya yaiku blus tradisional kang dienggo wong wadon ing Indonesia. Kebaya digawé saka bahan kang tipis lan biyasané dienggo karo sarung slendhang, jarik utawa bathik. Kebaya uga kena dienggo karo songket lan klambi tradhisional liyané. Kebaya asalé saka tembung arab abaya kang tegesé sandhangan. Sadurungé taun 1600 ing Pulo Jawa, kebaya mung dienggo karo kulawarga krajan. Ing jaman jajahan Belanda wong Eropa banjur nganggo kebaya. Kebaya dadi klambi resmi. Kebaya banjur divariasi bentuk lan motifé, ana kang nganggo kain sutra, nganggo sulaman werna-werna. Saiki kebaya uga dhimodifikasi karo rok lan clana jean. Kebaya uga nduwéni model kang werna-werna. Ana kang simetris lan asimetris. Kebaya dimodifikasi karo payet, bordiran lan renda-renda. Saben dhaerah ing Indonesia nduweni kebaya khas dhewe-dhewe, kayata kebaya Jawa, kebaya Bali, lan liya-liyane.  
Sandhangan kang mirip kebaya diarani nyonya kebaya. Sandhangan iki digawé karo wong-wong pranakan Melaka. Wong-wong iku nganggo sandhangan iki karo sarung lan sepatu kanthi hiasan manic-manik kang diarani kasut manek.
Kebaya nduwéni lengen kang dawa, biyasané dienggo karo ngisoran kang dawa. Kebaya iku sandhangan kang khusus dianggo wong wadon. Kebaya biyasané dienggo ing acara resmi kayata nganténan, resépsi, kartininan, lan acara-acara penyambutan tamu agung. 

Jumat, 09 Januari 2015

Blangkon

Blangkon


Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawé saka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatiné wujud modhèrn lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sunda blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap.
Ana sawetetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon inggih menika:
·        Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trèpès).
·        Blangkon Yogya, nganggo mondholan.
·        Blangkon Kendhu.
·        Blangkon Banyumas.
·        Blangkon Sunda, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.
Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa, ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané.

Wasita Sinandhi

WASITA SINANDHI

Wasita sinandhi tegese pitutur kang sinamun ora dilairake kanthi satemene. Padatan liyane, wasita sinandhi uga diarani aradan, lumrahe dikantheni tembung ora ilok kang satemene ora becik.
Tuladha: Aja lungguh, ngadeg lan ndhodhok ing tengah lawang, mundhak jondhange bali ing dalan. (Tumrap anak lanang: mundhak angel olehe golek bojo). Sarehning lawang kuwi dalan kanggo mlebu metu ing omah, dadi menawa dienggo lungguh, ngadheg utawa ndhodhok, bisa nganggu wong-wong sing arep liwat.
Tuladha liyane:
1.    Aja seneng lungguh bantal, mundhak udunen.
2.    Aja menehi dijaluk bali, mundhak bali gondhok.
3.    Ora ilok nyapu latar nganggo keset, mundhak anake kesot.
4.    Ora ilok wanita lungguh jegang.
5.    Ora ilok payungan ing njero omah.
6.    Aja sok ngliling bayi saka dhuwur, mundhak pangling sing momong.
7.    Ora ilok mangan karo turon, tumrap wong waras.
8.    Aja ngidoni sumur utawa genthong, mundhak guwing.
9.    Aja gawe omah sing lawang lan butulane terusan.

10. Ora ilok mangan karo ngadeg, lan sapiturute.

Gugon Tuhon

GUGON  TUHON

Gugon yaiku sifat utawa wewatakan sing gampang banget nggugu marang guneme wong utawa dedongengan. Tuhon yaiku sifat utawa wewatakan sing gampang banget mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan.
Dadi gugon tuhon yaiku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan sing maune ora perlu digugu amarga ora ana bukti nyatane.
Manut wong-wong sing nggugu marang gugon tuhon mratelakake yen ora nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku, kayata:
a.    Dadi mangsane bathara kala.
b.    Bisa sengsara panguripane.
c.    Anake bisa entek mati.
d.    Bisa ora dawa umure.

Kanggo nebus kaluputane kudu disranani slametan nanggap wayang lakon Murwakala. Dene slametan kanggo ngilangi bebendu sesiki iku diarani Mruwat/Ruwatan.

Wayang kulit

Wayang Kulit

Wayang kulit iku sawijing kabudayan kang adiluhung, tinggalane para leluhur. Miturut sejarahe wayang kulit iku wis ana dhek jaman kuna-makuna. Wayang kulit iku digawe saka kulit sapi, kulit kebo, lan ana uga sing digawe saka kulit wedhus. Dene penggawene wayang iku mbutuhake ketlatenan lan kesabaran. Saliyane iku uga migunakake piranti-piranti kang maneka warna kayata tatah cilik sing mlengkung lan jejeg. Ana maneh yaiku gandhen cilik kanggo thuthuk, tlenan kanggo landhesan, palet, kuas, cet, lan cempuret. Dene cempuret pigunane kanggo nggapit wayang supaya gampang dicekel.

Tegese Basa

Tegese Basa

Basa tegese piranti kanggo sesrawungan antarane wong siji lan wong sijine miturut pujangga ahli sastra Sultan Takdir Alisjahbana basa mengku teges pangucapan pikiran lan rasaning manungsa kanthi tinata mawa piranti swara lan miturut panemune madong lubis basa ateges piranti kang paling apik kanggo medharake kekarepan.
Miturur wujude basa ana 3 werna yaiku:
1.    Basa Lesan
2.    Basa Tulisan
3.    Basa Tandha utawa Isyarat

Tembang Gedhe

Tembang Gedhe

Tembang Gedhe iku sapada ana patang gatra, utawa patang pada pala. Cacahing wanda pada pala siji lan sijine padha. Lire yen pada pala kapisan 7 wanda, pada pala kapindho, katelu lan kaping papat uga mitung wanda. Cacahing wanda saben sapada pala iku diarani laku. Saiki tembang gedhe iku akeh kang kanggo mbawani gendhing, utawa kanggo sulukan.

Pandhawa

Pandhawa


Prabu Pandhu Dewanata duwe putra cacahe lima.
Marga lanang kabeh mula diarani Pandhawa.
Kang kalebu Pandhawa yaiku:
1.    Raden Puntadewa
2.    Raden Werkudara
3.    Raden Arjuna
4.    Raden Nakula
5.    Raden Sadewa
Raden Puntadewa uga diarani Yudhistira.
Manggon ing Amarta.
Raden Werkudara uga diarani Bratasena.
Manggon ing Jodhipati.
Raden Arjuna uga diarani Janaka utawa Permadi.
Manggon ing Madukara.
Raden Nakula lan Sadewa lair kembar.
Raden Nakula manggon ing Sawojajar.
Raden Sadewa manggon ing Bumi Retawu.
Pandhawa duwe watak becik.
Putrane Puntadewa yaiku Pancawala.
Putrane Werkudara yaiku Gathutkaca Antareja lan Antasena.

Putrane Arjuna yaiku Abimanyu Irawan, Wisanggeni Priyambada Pregiwa lan Pregiwati.

Kutha Semarang

Kutha Semarang

Kadadian Kutha Semarang saka critane Raden Pandan Arang.
Putra Raden Pandan Arang Kasultanan Demak.
Raden Pandan Arang kang sakti.
Raden Pandan Arang nemoni kadadean sing nggumonake, yaiku ana wit asem sing thukule arang-arang.
Kamangka papan ing kana kawentar subur.
Raden Pandan Arang banjur ngendika, yen papan iku dijenengake Semarang.

Awit ana kono thukul wit asem sing thukule arang-arang mau.

Gugur Gunung

Gugur Gunung

Gugur gunung ateges nyambut gawe bebarengan.
Dene tujuane supaya wong sakkampung nyambut gawe cepet rampung.
Gotong royong bisa wujudake kerukunan.

Guyup rukun tanpa mbedakake marang wong siji lan sijine.

Gamelan

Gamelan

Gamelan Jawa ana pirang-pirang.
Ana kendhang, kenong, kempul, gender, lan bonang.
Unine ana sing sarana dithuthuk, digesek lan disebul.
Kabeh mau swarane beda-beda.
Ditabuh bareng kanggo ngiring wayang.
Gamelan diunekake pas ana klenengan.
Musik gamelan paedahe kanggo ngiringi wayang wong utawa kulit ing Jawa Tengah.

Budi Pekerti

Budi Pekerti

Budi iku ateges kabecikan kang diupayakake. Pekerti ateges tindak-tanduk utawa solah tingkah. Dadi budi pekerti iku tegese solah tingkah kang diupayakake marang kabecikan. Dadi bocah iku kudu duweni budi pekerti supaya mbesuk ing tembe bisa dadi manungsa kang migunani tumrap sapda-padha. Tuladha budi pekerti yaiku bekti marang wong tuwa, andhap asor marang sapadha-padha, ngurmati lan matur kanthi basa kang alus marang wong kang luwih tuwa, seneng tetulung, lan sapanunggalane.

Beksa Bedhaya Ketawang

Beksa Bedhaya Ketawang
Beksa Bedhaya Ketawang yaiku salah sawijing beksan kang amung bisa dibeksanake ing sakjeroning Kraton. Beksan iki pambeksane uga para kenya kang pinilih, ora saben wong wadon bisa mbeksakake beksan iki. Para pambeksa kudu wanita kang isih prawan, lan sakdurunge mbeksa kudu nglakoni syarat-syarat tartamtu kaya dene pasa.

Geguritan

Nonton wayang Purwa, Nonton Gara-gara

Gara-gara wis metu
Pancen wis diantu-antu
Nanging jebul babar pisan ora lucu
Semare ketara lesu
Pancen wiwit talu
Jempol sikile dhalang
Kapidak pucuke sepatu
Dhalange makthekluk ngantuk
Nanging babar pisan
Ora satemene ngantuk
Katimbang kadawa-dawa
Lan pungkasan sadurunge purna
Kang nonton rada kuciwa
Siji mbaka siji ngendhani lunga


Sumber : Panjebar semangat

Geguritan

Dalan pilihan

Yen dalan iki kang kokpilih
Tatanen atimu, kencegna tekadmu
Sangua kagunan lan kawegigan,
Awit dalan iki rumpil, kaya wot ogal agil
Akeh dhemit, akeh buta cangkil kang jail
Kang koksandhang pancen ora kena kokgrayang
Kang kokgendhong pancen dudu emas barleyan sagenthong
Among pusaka kuna saka galihe kayu jati
Aja sambat yen kena eri
Aja wedi yen ana gerenge kang jaga wana
Panas udan, ngelak ngelih aja ngelih
Nadyan akeh woh-wohan ingkang gumandhul ing pinggir marga,
Aja kokgepok, aja koksenggol, awit iku who isi wisa
Yen dalan iki kang kokpilih
Pancen kudu sangu ati putih
Tekadmu kudu waja, getihmu kudu abang mbranang
Ing pucuke marga kana, ana rembulan tanpa mega,
Gilar-gilar binarung swara ngrangin tembang Dhandhanggula
Nora gampang anggayuh budi utami
Lan tindak kang prasaja


Sumber : Panjebar Semangat

Geguritan

Wong Cilik

Wong cilik ongklak-angklik
Lungguhe dhingklik lakune ingklik
Gaweyan ora nampik luru iplik-iplik
Asile sethithik
Ngugemi dhawuh mulya pusaka leluhur kita
Ana rina ana upa
Angger ngupaya ora gothang ora ngresula
Nenuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa
Wong cilik sutresna
Nadyan papa ora nistha
Nggrogoti donyaning nagara
Gawe ngrekasa gawe sangsara
Wong kang tanpa nalar
Karem bandha donya gumebyar
Kapengin ngwasani jagad gumelar
Ora rumangsa uripe kesasar
Wong srakah donyane sahohah
Meksa kepengin nguntal gajah
Ora rumangsa nampa berkah
Saka Gusti Allah Kang Maha Mirah
Dhuh Gusti Ingkang Maha Suci
Mugi kawula paduka berkahi
Sageda tansah memuji
Ngluhuraken Gusti Maha Suci


Sumber : Panjebar Semangat

Geguritan

Potret Jaman

Yen guritan iki wis kokwaca mitra
Apa sliramu uga nglarasake apa kang dakrasa
Wis lawas dhadha iki nyimpen ati sumelang
Tansah kagugah saben aku tumenga ing tawang
Nyawang lintang, nyawang rembulan,
Nyawang srengenge lan mega-mega malang
Kang nyekseni mobah mosiking jaman.
Dheweke ora bakal dora
Lamun gelema crita lelakone manungsa kang kebak sandiwara

Dora lan dosa wis kaya sega jangan
Dadi slogan digelar sadalan dalan
Ora maido yen larasing urip tansah mblero
Donya prasasat wis kentekan wong bodho.
Angger irung rumangsa pinter, anger cangkem mbengok banter
Pandoming bebener bisa diingar-inger amrih akeh sing mbeseli sawer
Ah perlune nggresah,
Pancen donya wis kakehan wong latah
Angger irung kepengin disembah
Crita nggladrah jarene kotbah
Sabdane Gusti diobral murah, pamrihe oleh lembaran tukon omah,
Njur apa sing salah?
Potret jaman pancen wis manjing dadi kanyatan
Gawe sumelang yen anak putu kelangan panutan


Sumber : Panjebar Semangat