Adegan
1
Fisualisasi kemesraan antara calon arang(hamil besar)
dan suaminya . tiba-tiba suaminya ditarik para wanita yang meminta
pertanggung jawaban suaminya. Lalu setelah berebut akhirnya calon arang
terjatuh dan suaminya di bawa oleh para wanaita tersebut ke kerajaan
kahuripan.
Situasi : peteng,remang-remang, bermasraan romantis
Setting : kamar dan ruang tamu
Tokoh: Calon arang, Suami, 4 Wanita
|
||||||||||||
Calon arang
|
:
|
“oalah Gusthi, ning kauripan menika menapa boten wonten
tiang jaler sanes? Saingga kathah para wanita ingkang badhe ngrebut garwa
kula? ( calon arang ngadek, ngelapi
luhe)
Heh
titanana para wanita kauripan, awakmu
bakalan ora duwe bojo, merga wong lanang ing kauripan iki bakal mala saka
aku. TITENANA!”
|
||||||||||
Adegan
2
Keterangan
Rakyat ngumbahi lan padha rasan-rasan ngenani penyakit
kang dialami para priya, ora let suwe ratna manggali teka ngawa wakul arep
umbah-umbah. Nalika ratna manggali nyedak, para rakyat pada ngadohi lan
ninggal ratna manggali. Ratna manggali ing kana dewean lan ora let suwe calon
arang teka ngomongi ratna manggali.
Setting: kali
Tokoh: rakyat 4, Ratna manggali, Calon Arang
Suasana : gayeng, sedih , Haru
|
||||||||||||
Keterangan
|
:
|
Pada ngrumpi ninng
ngarepan sakbubare nyapu ngresiki
halaman omah,,,, uuga ana sing bar mepeni kumbahan.
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Yu dar aku nelangsa
saiki
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
(meres kumbahan)
napa napa? Nelangsa nangapa ta
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Saiki aku wis rak
dijamah bojoku
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Lho kok bisa…..
penyakiten yae kowe yu
|
||||||||||
Rondiyah teka (gawa
sayuran meh masak)
|
||||||||||||
Yogita
|
:
|
Hele…. Hele…. Pada
dongeng apa ta kok ketok.e gayeng banget melu melu (melu lungguh bareng darmi
lan sumiran)
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Galao aku yu…..
|
||||||||||
Yogita
|
:
|
Heleh kaya cah nom,
wis pada mambu lemah wae isihb pada galao barang i
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Yo rak popo a…..
ngece temen ta kowe hah….. “sakitnya tu disini “ hahaha…..(nunjuk bokong)
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Aku ki bingung ya yu.....
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Piye piye jane ana apa?
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Pirang pirang dina iki aku ora di emek bojoku
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Lha kok bisa yu? Kowe ora memuaskan yae heheh
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Kurang apa jal yen dipikir aku ki ya wis pas, kabeh wis
tak enggo saka godhong suruh nganti godhong gedhang ya tak enggo
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
La awakmu kleru kok yu.... ya tlutuhen. Malah pliket
a........
|
||||||||||
Yogita
|
:
|
Brrrrsrsrrs tenan ah, malah do clelekan. Piye piye yu
sum?
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Nha iku a, aku tenan wis gag di mek marang bojoku
|
||||||||||
Yogita
|
:
|
Maksude ora di mek iku ora dimek apane lah? Sing cetha
ta
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Ya sekabehane pokok.e lah ya ora kudu tak sebutake.
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Aku ya ora kok.... sante lho yu sum, sampeyan ana
kancane
|
||||||||||
Yogita
|
:
|
Lho kok awakmu barang i..... jane ana apa ta marang
bojo- bojone dhewe? Apa ana sing salah ya?
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Lho lho dene si sampeyan barang.....
Yen jare bojoku hawane ki ora kepenak (kukur kukur
rambut)
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Apane sing ora kepenak?
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Sekabehane....
Awake jare nggreges, ning awake ora panas. Gatel ning
ora ana bentol-bentol.e
Ngelu sirahe jare
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Iya pada yen ngono kui a
Padahal kabeh wis tak resiki, kamar,wc kabeh wis tak
resiki . sangking gregeten aku sprey tak ganti saben sedina pisan. Ning isih
tetep kaya mengkono iku
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Ah ndak nganti ngono kui (lebay kuwi)
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Iyo a, gen ketok ki lho yen q bener bener ngumat bojo
|
||||||||||
Yogita
|
:
|
Yen aku tah ora......ya kaya padatane mangan ta
cawisake, ning sing marakake bingung kui beras ning ngomah mulai tipis
jalaran bojoku rak golek duit . ya kerana iki ta.
|
||||||||||
Godavary
|
:
|
Ndak kowe reti yu ..... kenangapa iki ya?
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Geg geg jalaran wong desa iki durung slametan babagan
panen kala dek wingi ya yu?
|
||||||||||
Yogita
|
:
|
Dak rasa ora yu.... merga sing kena ki wong
lananng-lanang sing wis gedje umure ki.
La terus kira kira ana apa ya?
|
||||||||||
Kalpana
|
:
|
Elah.... elah ana apa ta kok gayeng banget ki?
|
||||||||||
Yogita
|
:
|
Rak popo (judes)
|
||||||||||
Kalpana
|
:
|
Kok kowe judes men yog .... apa salahku teka teka mbok
judesi
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Wis wis iki malah da cuthakan i..... ngene yem iki lagi
pada dongengan babagan kahanane bojone dewe-dewe sing penyakiten ning ora
dimangerteni penyakite jalaran apa lan apa sinng nyebabake.
|
||||||||||
Kalpana
|
:
|
Yen aku mikir iki kabeh ki gaweyane calon arang.
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Lho kowe kok bisa nuduh sing kaya mengkono kuwi apa
dasarmu...?
Aja nuduh malah mengko dadi fitnah lho
|
||||||||||
Kalpana
|
:
|
Ncen kok sapa amneh ning desa ngene sing kejem kan wong
kui ta.
Anake durung dadi manten nganti umure semene.
Iku sing dadi msababe
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Lha kok nyambunge tekan ratna manggali wi karepe piye
|
||||||||||
Kalpana
|
:
|
Kowe ki goblok apa pintere klewat ta,
Saben jaka sing arep nakokake ratna kan wedi karo
mbokne. Kabeh pada ditolak. Akhore para muda padha kuciwa ta banjur sapa bae
sing nakokake amung dolanan ora kanggo tenanan.
|
||||||||||
Padha
gayeng bercerita tentang penyakit yang diderita suami-suami mereka
datanglahratna manggali yang akan mencuci pakaian di kali dengan membawa
peralatancething berisikan kumbahan
kotor
|
||||||||||||
Ratna manggali
|
:
|
E para kanca.... kok kayaegayeng banget anggone
dedongengan ....padha cerita apa?entokgabung ?
|
||||||||||
Kedatangan
manggali disambut sinis olehke empat rakyat tadi (hanya plirikan sinis) yang
diperlihatkan merekaserta pada ngrumpi sendiri- sendiriserta tidak perduli
akan kedatangan ratna manggali.
|
||||||||||||
Kalpana
|
:
|
div... hawane kok ya wis ora kepenak ya ana kali kene...
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Ora kepenak piye ?
|
||||||||||
Kalpana
|
:
|
(ngedepi divya ) ana anake penyihir sing ora laku-laku
nganti saiki...
|
||||||||||
Divya
|
:
|
Oh..... iya iya.... wis tua ora payu rabi heh (sinis
semu nyawang ratna manggali)
|
||||||||||
Yogita
|
:
|
Ayo pada budal wae aja sui sui ana kene ,
mundakketularan sial... dadi tanggane wae wis sial apa maneh cedhak cedhak
tambah sial mengko
Ayo... ayo...
|
||||||||||
Wong
papat mau padhalunga ninggalke ratna manggali dewean ( ratna manggali meneng
ndeprok ana pinggirkali eluhe ntreces)
|
||||||||||||
Ratna manggali
|
:
|
Duh gusti, menapa kula salah gusti? ( nangis memelas
ning pinggir kali)
|
||||||||||
Ratna
nangis ana pinggir kali teka calon arang (ibuk.e sing lagi nglurumanggali)
|
||||||||||||
Calon arang
|
:
|
Nduk putriku manggali.
Ana kene jebul nduk... tak luru kawit mau ko (nyawang
matane manggali banjur nyekeljanggute manggali) kowenangista cah ayu?
|
||||||||||
Ratna manggali
|
:
|
Boten tu biang.... menika wau namung klilipen lebu
mawon.
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Klilipen kok nganti ngono.... klilipen lombok po piye
kok nganti abing ngono.
Ana apa tanduk ceritaha marangtu biang!
|
||||||||||
Ratna manggali
|
:
|
Tu biang ....
Menapa tadosa kita? Saben dinten dipun damel kembang
lambe dening tiang desa,mepa kula salah tu biang?
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Ora nduk cah ayu....
|
||||||||||
Ratna manggali
|
:
|
Kula pun anggep lare tukang teluh, saengga ngantos umur
sakmenten dereng ayu rabi tu biang. Menapa menika leres?
|
||||||||||
Calon araang
|
:
|
Sing kanda sapa?
|
||||||||||
Ratna manggali
|
:
|
Boten penting ingknag matur sinten tu biang, kula boten
trima menawi tu biang dipun ina kaliyan warga kampung. Menawi kula
botenmenapa anganing rontok manah kula menawi tubiang pun asoraken.
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
(ngambung lan meluk ratna manggali) kene nduk.... tak
kandani.. aja mbok rungokkna apa sing dikandakakae wargakene, wong kene ora
padha reti apa sing kedadeyan saktemene. Wis ora papa yen tubiang diasorake.
Tu biang trima pancen mengkoono kahanane.
Saiki sing paling penting kowe.
|
||||||||||
Ratna manggali
|
:
|
Nanging tu biang ( eluh e ntrocoh)
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Wis nduk (ngusap matane manggali)
Kowe bakal urip tentre, senenglan prasaja ora kaya tu
biang nduk
|
||||||||||
ADEGAN
3
Rembugan antara baradah dan bahula tentang nasip warga
yang terkena penyakit (baradah elamun dan menyanyikan tembang yang berisikan
penderitaan rakyat , setelah itu bahula datang dan mereka menceritakan n
merencanakan sesuatu.
Setting : pelatara/ taman
|
||||||||||||
Baradah
|
:
|
” iya, kudu dheweke, pancen bocah kuwi kang bisa iya,
…iya”
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
(bahula dating tiba-tiba)“paman Baradah.”
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
eh, bahula, tak antu-antu tekanmu jare,
kene… kene lungguh kene bahula
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
“Inggih paman. Wanci dalu paman nimbali kula kamangka
paman taksih gerah, wonten werdi menapa paman nimbali kula?”
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Bahula, larane ragaku ora sepiraa ketimbang larane para
nayaka praja kang nandang penyakit. ya bengi iki wektu kang prayoga kanggo
ngomongake ontran-ontran kang kedaden ing kerajaan iki.
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Kados pundi paman?
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
awakmu lak ya wis ngerti apa kang dilakokake dining
Calon arang marang Kerajaane awake dhewe iki ta?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
(meneng karo mikir) damel penyakit dumateng para nayaka
praja paman.
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
iya , bener kandhamu kuwi Bahula. Pacoban kang kaya
mengkana kuwi gaweane Calon Arang, wingi aku sowan marang gusti prabu
airlangga. Ing kana gusti raja matur yen ta ana cara kanggo ngalahake calon
arang
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
”kados pundi caranipun paman,?”
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
” carane kuwi ana ing awakmu bahula.”
|
||||||||||
Bahula
Baradah
Bahula
|
:
|
” kula paman?”
:: “iya awakmu bahula.”
: “ kenging menapa kedah kula paman?”
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Critane ngene, calon arang iki lagi golek jodho kanggo
anake Ratna manggali. Lha awit saka kuwi aku ngakon awakmu melu sayembara
kanggo ngentukake ratma manggali, banjur awakmu nglamar ratna manggali ana
ing padepokane Calon Arang!”
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Boten, paman.
Menika sanes karampungan malah bakal saya damel katah masalah paman.
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
genea ?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
“menawi kula ngamar ratna manggali menapa boten malah
damel geger paman awit kula saking kerajaan Airlangga, ingkang musuhipun
Calon arang”
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
“ora bahula, awakmu mengko kudu nyamar. Aku ananne
milih awakmu amarga saka rupa lan kapinteranmu kuwi kang digoleki calon
arang. Bahula!”
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
banjur menawi kula sampun menang lan sampun nglamar
ratma manggali paman?
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
sawise awakmu nglamar Ratna manggali banjur jupuken
kitab lontare calon arang kang disimpen ana ing njero kamare anake yaiku
ratna manggali.
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
nagging paman, kula boten…..
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
wis bahula kabeh
pekara iki tak wenehake awakmu, tak kira awakmu wis bisa milih kang apik
kanggo Kerajaan iki( baradah lunga ninggalake) Bahula)
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
paman baradah…..
|
||||||||||
:
|
wis bahula kabeh
pekara iki tak wenehake awakmu, tak kira awakmu wis bisa milih kang apik
kanggo Kerajaan iki( baradah lunga ninggalake) Bahula)
|
|||||||||||
ADEGAN
4
Adegan bahula dan wedawati yang berrayu rayuan dan
datangnya para emban yang menghibur wedawati.
Setting : taman
Suasana: romantis, tegang, gayeng
Properti: taman romantis . sapu alat-alat kebersihan
(untuk paraemban)
|
||||||||||||
Wedawati
|
:
|
Wis teka ta kakang?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Wedawati
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
Apa kakang?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Aku sengaja nemoni kowe ana kene
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
Yen daksawang tekamu sajak nggawa polatan
kang sumringah (mesem), sorot mripatmu nyunarake pralambang atimu kang lagi
bungah, apa ya ngono kakang Bahula?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Hm..hm.hm..bener kowe…aku lagi bungah,
kabungahan kang sejatine mengku jejibahan kang luwih abot, Wedawati.
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
ana apa ta kakang saktemene? Cerita nyang
aku
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Wis lah dimas ayu sing paling tak tresnani
wis ora susah mbahas babagan kui, e kepiye kabarmu dimas? Wis pirang pirang
dina iki aku ora ketemu sliramu rasane kaya sewindu dimas.
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
Healah (isin semu lingsem) ana ana wae
kang.... kang... senengane kok ya nggombal. Wis rak mandi gombalanmu kang
(mlengos manja)
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
(narik mesra tangane wedawati) is.... is
jan bocah ayu pujaningsun..
Ngono kui lho sing marakake aku kangen, jan
jan..... hieh wis rak kuat aku (sajak gemes)
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
Yen suk aku lan sliramu wus rabi duwe anak
banjur gawe istana ana nduwuring wulan kae lho kang( nunjuk langit)
|
||||||||||
:
|
Lho...
lho ko ana rembulan ki ta dhi... aja lah.
Yen aku
malah kepingin duwe anak lima lanang kabeh gen kaya pandhawa sing mikul
dhuwur mendhem jero marang wong tua.
|
|
|
|||||||||
Wedawati
|
:
|
Kok hawai iku lahpo kang?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Iya ta dhi yen pas sliramu lunga kan aku
bisa weruh sing ayu ayu ana pantai tha dhi. (guyu ngece nggodha)
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
(njiwit wetenge Bahula) hieh berarti ana
niatan pingi bareng karo liyan ..... owalah apik ya ya..... hmmmm apik kang (nesu
tenan)
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
(ngetokake kembang saka mburi) yen iki tak
kekke sing liya piye?
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
Aja....... iku kanggo aku (ngguyu neh)
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Ngene dhi.... saktemene aku arep ngomong
bab kang wigati banget di,
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
Apa ta kangmas? Sajake kok penting nganggo
banget.... apa kakang
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Ngene dhi ngenani pagebluk kang ana desa
girah iki .... aku duwe tanggung jawab kanggo ngrampungi iki kabeh
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
Aku kok bingung apa sing mbok karepake kang?
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Ngene dhi.... pagebluk iki sing nyebabake
calon arang... mangka aku kudu golek dalan kanggo ngrampungi iki kabeh kanthi
dalan mateni arang... sijine dalan yaiku aku kudu ngrabi anake ratna manggali
supaya aku bisa ngerti carane.
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
(mulai sedih) meneng ntrocos eluhe
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Dhi.... aku kudu piye dhi?
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
(meneng sarwa mikir) ya kabeh tak balikke
marang sampeyan kang......
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Ya wis dhi yen iku dadi jawabmu ateges aku
kudu milih salah siji dhi..... (loss lunga)
|
||||||||||
Wedawati
galau eluhe ntrocos lungguh ana pinggiran rasane ora karuan (teka emban emban)
|
||||||||||||
emban 1
|
:
|
Heh... yu kuwi kancane dewe lagi ngapa kae dewean kaya
wong ilang
|
||||||||||
Emban 2
|
:
|
Lagi latihan kethoprak yae kae , ekspresi kaya sing di latih pak sunging
de ingi kae lho
|
||||||||||
Emban 3
|
:
|
Dene ngono? Orak ya.........
|
||||||||||
Emban 2
|
:
|
Sotoy kowe........ deloken nhu kae lambene kaya mangan sambel nhu pwedes meni
ketok.e
|
||||||||||
Emban 1
|
:
|
Wis wis rak sah dongengan dewe........... saiki di
delok wae ana apa saktemene.
|
||||||||||
Emban 2&3
|
:
|
Ayo.... ayo....
|
||||||||||
Emban 1
|
:
|
Da........ kenangapa?
|
||||||||||
Wedawati
|
:
|
(meneng gedheg-gedheg)
|
||||||||||
Emban 1
|
:
|
Heh ro, lu ayo padha joged wae gen wedawati ora sedih
neh (jejogedan lagu yg bisa buat goyang) improve
|
||||||||||
ADEGAN
5
Adegan pengumuman pemenang sayembara ratna manggali
yang terpilihbahula
Setting : padepokan calon arang
Pemain: calon arang , ratna manggali, bahula, prajurit2
dan kadidat kadidat yang akang di beri pengumuman
|
||||||||||||
Calon arang
|
:
|
Hahaha enak banget yen urip kaya mengkene terus ....
adem adem...
Heh kowe para mudha sapa bae sing bakale tak pilih dadi
mantuku kudu bisa gawe aku seneng sing kaya mengekene iki hahhhahaha.......
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Kula nderek remen tu biang.... mbok bilih tu biang
menika remen
|
||||||||||
Calon Arang
|
:
|
Nduk putriku cah ayu..... iki kabeh kanggo kowe , kabeh
kasenengan iki jalaran uripmu bakal tentrem ning sesandingan karo priya sing
dak pilih iki nduk
|
||||||||||
Ratna manggali
|
:
|
Maturnuwun tu biyang.... (manja nglendot marang calon
arang)
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Ratna.... ratna (suasana aksih sayang antara ibu dan
anak)
|
||||||||||
Lagi
manja-manjaan dengan anaknya tiba tiba abdi arang datang membawa laporan
|
||||||||||||
Abdi arang
|
:
|
Nuwun sewu kanjeng ratu...... sakmenika wonten rakyat
ingkang badhe sowan wonten ngarsanipun panjenengan
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Ana butuh apa ...... rene kon mlebua
|
||||||||||
Abdi
arang keluar memanggil rakyat
|
||||||||||||
Calon arangp
|
:
|
Hahha...... (nunjuk pangeran-pangeran sing kepingin
minang ratna manggali) kowe.... kowe.... lan kowe pada duweni keahlian apa
kanggo nglamar putriku sing ayu iki heh?
|
||||||||||
Abdi
calon arang masuk, dengan membawa bahula
|
||||||||||||
Abdi arang
|
:
|
Menika tiang ingkang badhe ngadep panjenengan ratu
(mempersilahkan bahula untuk menghadap calon arang)
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Kula ingkang sowan kanjeng ratu....
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Ya.... sapa kowe bocah gagah?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Kula bahula, kula kala wingi nderek sayembara .
ananging wekdal menika kula telat anggenipun soan dhateng kanjeng ratu
jalaran taksih ngayahi jejibahan sanes ingkang boten saget pun tilar kanjeng.
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Oh iya.... iya aku lali ya wis gabung a marang
kanca-kancamu
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Inggih ratu maturnuwun (sembah lalu duduk bareng
peserta yang lain)
|
||||||||||
(calon
arang tarik napas daawa lan meh ngumumake sapa satriya sing pantes dadi
sesandingan kanggo putrine)
|
||||||||||||
Calon arang
|
:
|
(tangane ngawe awe abdine) rene abdi arang
|
||||||||||
Abdi arang
|
:
|
Sendika kanjeng (maju)
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Wacakna sing lantang sapa sing menang saka sayembara iki
|
||||||||||
Abdi arang
|
:
|
(manthuk) njupuk kertas sing digawa arang
Tarik napas
Saka sekabehane siing tak biji sing duwe hak nggarwa anakku
manggali yaiku BAHULA. (semua pada tepuk tangan)
|
||||||||||
ADEGAN
6
Gandrungan bahula dan ratna manggali
Seting : kamar
Suasana :
romantis, tegang, bingung gundah
Pemeran : ratna manggali dann bahula
|
||||||||||||
Baradah
|
:
|
Manggali....... saiki sliramu wis dadi sesandinganku.
Piye rasaning batinmu cah ayu
|
||||||||||
Manggali
|
:
|
(isin isin sarwa ngguya ngguyu) he.... he
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Iya aku paham rasamu
|
||||||||||
Manggali
|
:
|
Kakang..... ngguya ngguyu.
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Apa manggali....
|
||||||||||
Visualisasi
adegan ranjang
|
||||||||||||
Bahula
|
:
|
Manggali, si Adhi katon sedhih banget,
sakpatine Ni Dyah?
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Kakang, ya amung Ni Dyah kancaku, amung Ni
Dyah kang bisa ngerteni ing desa Girah kene,saiki ni Dyah tumekeng pati kena
lelara pageblug.
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Manggali, pun kakang ora tega yen saben
dina mung mulat yayi kebegan sungkawa. Siji mbaka siji kanca kang mbok
tresnani bakal ninggalake si Adhi.
Mula yayi, mbuh piye carane si Adhi lan pun
kakang kudu bisa nyirep pageblug lan ngendakake tumindake Calon Arang ya
ibumu.
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Banjur piye carane kakang, apa kakang bisa
ngasorake kasektene Tu Biang?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Aku ora bakal bisa ngasorake Calon Arang.
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Yen ngono kakang Airlangga salah pilih
utusan?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Ora Manggali, Calon Arang bisa takendakake
yen ta aku bisa ngerteni sumber kasektene Calon Arang?
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Sumber kasekten…
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Apa si Adhi mangerteni?
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Aku ora pitaya?....apa kitab lontar kang
saben bengi diwaos Tu Biang?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Ing ngendi papane kitab lontar kuwi
Manggali?
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
(Cuma
menggelengkan kepala)
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Si Adhi kudu ngrewangi pun kakang ngupadi
kitab lontar kuwi Manggali…
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Banjur yen bisa ketemu, arep kokapakake
kitab lontar mau?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Bakal dakaturake Gusti Prabu Airlangga. Ing
Kahuripan akeh para paranpara kang wikan bab kitab-kitab kuno. Yen isine
kitab lontar bisa dimangerteni mesti pageblug bosa disirep lan wong-wong
pradesan bisa diusadani saka lelara.
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Banjur Tu Biang? Apa Tu Biang bakal
diperjaya?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Ora Manggali, Calon Arang amung disowanake
Gusti Prabu Airlangga, ya mung Gusti Prabu kang wenang matrapi pidana Calon
Arang?
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Tu Biang seje wong jahat…kena apa kudu
dipatrapi pidana?
|
||||||||||
Bahula
|
;
|
Banjur kok arani apa pakartine ibumu kang
nyebar teluh gawe pepati! Ratna, wus akeh pepati ing ngendi-ngendi papan, ora
ngemungake ing desa Girah kene nanging nganti tekan kutha praja Kahuripan,
nanging kowe malah meneng wae ana ing ngendi rasa kamanungsanmu manggali!
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
;
|
Ibuku ora luput! Aku tresna Tu Biang… aku
ora reti dununge kitab lontar.
|
||||||||||
Bahula
|
;
|
Ratna! (Sambil
meraih tangan Ratna Manggali yang akan pergi)
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Aku bakal dadi anak duraka, kang tega
njegurake ibuku dewe ing juranging kabilahen.
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Manggali, Airlangga iku salah sawijining
raja. Raja kudu bisa ngayomi kawula kanthi cara ndhisikake keperluane
sadhengah ketimbang keperluan pribadhi, sanadyan aku ngerti iku abot tumprape
Gusti Prabu awit kang nandang luput ibune dhewe.
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Aku dudu raja… aku dudu Airlangga… dadi aku
ora nduwe tanggung jawab perkara iki.
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Ora duwe kandamu?… angkara mangambra-ambra
ing jagad, kabeh manungsa kang jiwa luhur nduweni tanggung jawab nyirep
angkaraning jagad. Yenta wong kang nduweni jiwa luhur pada meneng wae kaya
sira ateges tindak angkara bakal nguwasani jagad. Aku ora ngerti sebab apa
sira ora gelem bebantu pun kakang ngendhakake pakartine Calon Arang.
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Calon Arang iku Ibuku… aku jejering anak
kudu bekti marang wong tuwa.
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Iku ora cukup kanggo pawadan! Ratna, pun
kakang ngerti yenta satemene si adhi iku luhur bebudene, aku ngerti yenta ing
rasamu ana perang batin kang gedhe ing antarane bekti marang wong tua apa
memayu hayuning bawana.
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Banjur aku kudu priye kakang?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Ratna, gedhene rasa tresnamu marang Tu
Biang iku bener, ning kliru caramu anggone mapanake rasa tresna.
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Klirune mapan ana ngendi?
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Klirune si adhi ora gelem atur pemut marang
Tu Biang kang tumindak nasar amung kebranang rasa serik. Tresnane si Adhi
kang eman pada karo njlomprongake Tu Biang lumebu yomani utawa neraka
jahanam. Yenta si Adhi bebantu pun kakang nuduhake ing ngendi kitab lontar
kasimpen, mesti pageblug iki bisa kasirep lan ibumu bisa di endakake anggone
tumindak nasar. yenta ibumu bisa nglenggana saking kaluputane, lan kabeh pada
paring pangapura mbesuk ibumu bakal cinadongan swarga loka?
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Kakang… (Tak
bisa berkata-kata lalu hanya menangis)
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Ratna, kang aran becik iku kudu bisa mikul
duwur lan mendem jero asmane wong tua.
|
||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
Kakang… kitab lontar kasimpen ing njero
sanggah sak ngisore pepethan Bathari Durga.
|
||||||||||
Bahula
|
;
|
Matur nuwun Manggali… sing gedhe
pangapuramu Manggali, anane pun mangkene amarga pun kakang uga tresna marang
Tu Biang amarga Tu Biang iku uga maratuwaku, pun kakang uga nduweni tanggung
jawab nyuwargaake Tu Biang.
Wanci wus wengi ayo tak derekake sumene
dhisik dimen bisa lerem rasamu. (Bahula
nembang setelah Ratna tidur, Bahula meninggalkan Ratna dan masuk sanggah
mencuri kitab lontar lalu diberikan Baradah)
|
||||||||||
:
|
(Ratna Bangun, Bersamaan Datangnya Calon Arang dan melemparkan
surat ke Ratna Manggali)
|
|||||||||||
Ratna Manggali
|
:
|
( Mengambil surat dan membacanya)
Calon Arang dak enteni ing tengahing
Jaratan kang ana tapel wates kutha praja… Resi Baradah.
Kakang Bahula kowe tega karo Tu Biang (Melempar surat ke Bahula lalu lari
mengejar Calon Arang)
|
||||||||||
Bahula
|
:
|
Manggali!
|
||||||||||
ADEGAN 7
Calon arang mengetahui
pencuri lontar,perang antara calon arang baradah dan para adbi adbi....calon
arang mati, manggali nangis
|
||||||||||||
Baradah
|
:
|
Calon arang metua......
|
||||||||||
Calon arang
|
:
|
Halah...... (metu saka ngomah)
dwamput....... kowe sing bengak bengok (noleh ke bahula) oh dadi iki
kongkonanmu baradah.
Bajingan......
|
||||||||||
Baradah
|
:
|
Ra sah kakean cangkem saiki ayo lawano
aku....
|
||||||||||
Manggali amung bisa mingseb nangis luh e
metu saka mripat.e
|
||||||||||||
Calon arang
|
:
|
Rak sah mbok tangisi mangali, yen pancen
iki wis dadi dalan uripe mbokmu... aku kudu ngadepi.
Yen pancen mati ya aku siap mati yen di
wenehi urip iku jenenge rejeki . rasah nangis buang eluhmu percuma.
|
||||||||||
Baradah ayo lawan aku (des....des perang
calon arang keseser mati)
|
||||||||||||
Jumat, 02 Januari 2015
Skenario Kethoprak (Randha Gairah)
Minggu, 28 Desember 2014
Resensi Novel
RESENSI
NOVEL :
1. Identitas Novel
a.
irah-irahan novel : Ing Manila Tresnaku
Kelara-lara
b.
panyerat :
Fitri Gunawan
c.
penerbit : Q
Publisher
d.
cetakan saha taun
terbit :
cetakan kaping sepisan, 2011
e.
kandel buku saha
cacahing kaca : 14X21 cm; 166 kaca
f.
ISBN
: 978-602-98256-3-3
g.
Jenis kertas : HVS
warni pethak
2. Irah-irahan Resensi
Resensi Novel “Ing Manila Tresnaku
Kelara-lara”
3. Wosing Buku
Manila kutha kang lagi
dakpanggoni kanggo nerusake kuliah S2 ku. Ing dina iku aku karo kancaku Eni lan
Dewi lagi ana ing toko buku. Ing kono padha golek buku-buku sing disenengi dhewe-dhewe. Sawise wis oleh bukune
aku ngadek ing sandhinge Eni kang lagi antri. Ing kono aku disentak marang
kasir dikon antri. Wah aku kewirangan banget, terus langsung ngadek ing mburine
Eni. Banjur ana wong kang ngomong “mbak seka Indonesia ya?”, aku mangsuli “kok
ngerti mas, asli Indonesia juga ya?”. Wong Indonesia ki isa dititeni, ora
disiplin tur srudak-sruduk sambunge wong lanang kuwi. Ing kono Eni lan Dewi
kenalan karo bocah bagus kang jeneng Irawan. Nanging Dini ora ngatekake.
Tanggal 17 Agustus ana
resepsi pitulasan, dene acara hiburane dipasrahake marang mahasiswa sing
nduweni kaprigelan ing bab seni budhaya. Ing acara iku Dini urun tari Solo
Klasik yaiku gambyong, dene Eni lan Dewi urun lagu Keroncong Tanah Airku.
Hiburan kang wis dipentasake wong telu iku mau gawe Kedubes lan sing nonton
nglembana. Bocah telu iku mau padha rangkulan karo nangis amarga bungah atine.
Ing kono Irawan uga nyalami bocah wadon iku mau. Awit iku Irawan nduwe pangrasa
marang Dini. Nduwe pangarep-arep kang luwih marang dheweke. Ananging Dini wis
ana sing ngenteni ing Indonesia kana.
Ana ing SMA Dini lan Riris
mlebu jurusan IPA, dene Tohari jurusan Fisika. Dini aktif melu OSIS ing
sekolahane. Tohari uga, kamangka sing kepilih dadi ketua OSIS Tohari iku. Saya
suwe Dini cerak karo Hari, ibune Hari uga seneng banget marang Dini. Sawise tamat
SMA ibune Hari kepengin mantu, ananging ibune Dini durung setuju. Kamangka
umure isih enom lan durung mapan upama wis omah-omah. Amarga ing keluargane
Dini iku nduwe tradhisi lan komitmen sing utama ing babagan pendidikan.
Pungkasane Dini mlebu Fakultas Psikologi Unair dene Hari mlebu Fakultas
Pertanian ing Universitas Udayana ananging iku ing tahun ngarepe meneh. Patang
tahun anggone Dini lulus banjur dheweke dadi guru ing Unesa.
Dini lulus TOEFL, banjur
oleh beasiswa S2 ing Manila nganti ketemu Irawan kuwi. Atine njahe wana,
poyang-payingan. Dheweke kelingan marang Hari kang lagi berjuang ana Bukit
Jimbaran kok dheweke malah seneng-seneng nang Manila karo Irawan. Sapa ngira
yen bu Siti ibune Irawan iku mbiyen kancanan karo bu Laras ibune Dini. Irawan
ngutarakake rasa tresna marang Dini, ananging Dini ngomong menawa dheweke wis
ana sing ngenteni ing Indonesia kana. Atine Irawan krasa kelara-lara. Anaging
rasa asih Irawan marang Dini ora bakalan ilang.
Dini lulus dhisik saka S2
banjur dheweke mulih ana ing Sidoarjo. Bareng teka ing ngomah, ibune kaget.
Surat sing wis dikiremake apa durung teka kok Dini mulih katon biasa-biasa bae.
Ibune crita, yen Hari wis omah-omah amarga wingi Hari digrejek marang bapake
supaya ndang rabi sakdurunge bapake iku dipundhut dening sing maha kuwaos.
Atine dini lara banget, dheweke ora bisa ngempet eluh kang netesi ing pipine
iku. Ananging Dini bisa nrima takdir sing wis digarisake marang Gusti.
Eni lan Dewi telpon ngabari
yen wis lulus, banjur ngajaki Dini reuni. Ing reunian iku uga ana Irawan. Dini
ora ngira yen Irawan iya melu acara reuni kang wis direncanakake kanca-kancane
iku. Ana ing Jakarta, kabeh kuwi mau padha seneng-seneng anggone reunian.
Irawan wis ngerti yen Hari iku wis omah-omah marga pepinginane wong tuane. Ing
kana Irawan nduwe pangarep-arep marang Dini. Semono uga Dini nduwe rasa tresna
marang Irawan.
Wong tuane Dini lan Irawan
seneng banget dina kang ditunggu teka. Resepsi nikahane Dini lan Irawan nganggo
adat Jawa lengkap wiwit saka siraman, midodareni, akan nikah banjur resepsine.
Kepengine bu Siti klakon nduwe mantu wong Jawa lan ngunakake adat Jawa pisan.
Atine seneng banget. Sawise patang tahun, Irawan lan Dini nduwe anak lanang
siji. Dini dicritani marang mbak Titin mbake Hari kang ketemu ing mall. Mbak Titin
crita yen sisihane Hari iku seda pas lagi nglairake anake Hari. Ing kono Dini
lan Irawan nduwe rasa welas marang Hari amarga kejadian iku. Ananging kepiye
maneh garis urip wis diatur marang
Gusti, takdire Hari karo sisihane iku mung nganti semono.
4. Unsur intrinsik
novel
a.
tema : percintaan
b. wos : cariyos ingkang nyariosaken
tiyang wadon ingkang tresna saha setya
marang
gegandulaning ati awit dipunpisahaken kaliyan papan ingkang tebih
c. setting : - papan : setting papan ingkang
dipunginakaken inggih menika
wonten ing luar Negeri Filipina,
Malaysia saha
wonten ing Indonesia
-
wekdal : wekdalipun menika
gumantung kaliyan cariyos
d. alur
: alur ingkang dipunginakaken menika ngangge alur maju saha
mundur.
e. lelewaning basa :
wonten ing novel menika wonten
bebasanipun, inggih menika :
1.
jebul janma tan kena kinira
2.
dudu sanak dudu kadang
3.
jembar segaramu
4.
longgar dhadhamu
5.
mikul dhawet rengeng-rengeng
f.
amanat
-
wonten ing gesang menika kedah percaya dhumateng Gusti awit jodoh, rejeki, saha
tekaning pati. Minangka manungsa menika namung saged usaha, sanesipun gumantung
Gusti ingkang gadhah kuwasa.
- Dados tiyang Jawi menika langkung
saenipun nindakaken tradisi-tradisi utawi budaya ingkang kedahipun taksih
dipunlampahi wonten ing jaman samenika. kados ta siraman saha midodareni amargi
seiring berkembangnya jaman tradisi menika sampun wiwit ical.
g.
penokohan :
1. Dini → tiyang wadon ingkang judes
(nanging sejatosipun apik),
pinter, gadhah sipat atos atinipun, remen maos buku, saha
apa adanya.
2. Irawan → pinter, cerdik, prihatos marang
kanca, remen tulung
tinulung, apikan, saha sekedhik atos atinipun.
3. Eni → kancanipun Dini ingkang
sekedhil urik (jail), apikan saha
pinter.
4. Dewi → kancanipun Dini ingkang urik ugi, apikan, remen tulung
tinulung.
5. Hari → pacaripun Dini ingkang setya,
manut dhateng tiyang
sepuhipun.
6. Bu Laras →
ibunipun Dini ingkang wicaksana
7. Bu Siti → ibunipun Irawan ingkang apikan
nanging sekedhik atos
atinipun.
5. Format novel :
Wujud novel menika standart,
ginakaken kertas HVS warni pethak. Hurupipun ginakaken times new roman.
Cover-ipun menika werni dhasar coklat sarta wonten gambaripun tiyang kakung
saha tiyang estri. Wonten sekar teratai ugi wonten ing cover satemah dadosaken
novel menika katon endah.
6. Kaluwihan saha Kekirangan
Novel
a. kaluwihan novel
* basa ingkang dipunginakaken menika
gampil dipunmangertosi.
* tembung-tembungipun ingkang
dipunginakaken sampun trep (cetha saha singkat).
* panganggening tembung sarta ukara sae,
sarta wonten bebasanipun ing salebeting novel satemah damel pamaos boten bosen
anggenipun maos.
* wonten ukara utawi pacelathon ingkang lucu, satemah dadosaken cariyos
menika boten monoton.
* cover ngajeng sae kanthi latar werni
coklat.
b. kekirangan novel
* boten dipun-cantum-aken kandeling
novel, satemah nyebabaken pamaos boten mangertosi pinten senti kandelipun.
Menawi badhe ngresensi, pamaos kedah ngukur piyambak kandel novel menika.
* panyeratan tembung wonten sekedhik
ingkang lepat, tuladhanipun tembung “dahar” ingkang leres inggih menika
“dhahar”.
* boten wonten sinopsis-ipun wonten ing
cover wingking, satemah buku ingkang dipunadol menika wujudipun taksih
dipunsegel. Pamaos boten tamtu tertarik dening novel menika. Dados, langkung
saenipun bilih dipunsukani sinopsis supados pamaos sekedhik mangertosi
kadospundi cariyosipun.
7. Dudutan
Dudutan saking maos novel
kasebut inggih menika, raos setya menika sanget kangge suatu hubungan menika,
ananging wonten ing gesang menika Gusti Allah sampun nemtokaken jodho, rejeki
saha pati. Saben manungsa namung saged
usaha, ananging sadaya wangsul malih dhateng kersanipun Gusti Allah.
Minangka tiyang Jawi,
tradhisi-tradhisi panggih kados ta siraman saha midodareni sampun awis
dipuntemtokaken wonten ing jaman samenika. tiyang Jawi menika kedah
nglestantunaken tradhisi-tradhisi ingkang sampun wonten, amargi nilai filosofi
ingkang inggil saha gadhah makna-makna tartamtu.
Sabtu, 20 Desember 2014
Artikel
Tedhak Siti
Ing tanah Jawa iki akeh banget upacara adat kang nganti
seprene isih diugemi dening masyarakat. Bab kuwi nuduhake sanajan jamane wis
maju, nanging adat istiadat tradhisonal ora dilalekake. Salah sijine upacara
iku arane Tedhak Siti.
Upacara Tedhak Siti yaiku upacara kanggo bocah kang umure
pitung sasi. Umur pitung sasi iku kanggone bocah lagi wayahe ditletah. Iya
amarga ditlatah iku sikile mesthi ngidak lemah. Sadurunge bocah mau ngidak
lemah kang sepisanan, dianakake upacara Tedhak Siti. Urutane upacara Tedhak
Siti yaiku :
1. Nyirami
Bocah
kang arep dislameti didusi nganggo banyu kembang supaya wangi banjur disalini
klambi anyar gres.
2. Midak Jadah
Bocah
kang wis didandani mau banjur ditletah ing jadah pitung warna.
3. Menek Tebu Wulung
Sawise pidakan jadah banjur diajari menek tebu wulung lan
dilungguhake ing pucuke kanthi ancas besuk bisa dadi pemimpin.
4. Dikurung
Bubar
dilungguhake ing tebu wulung, banjur dilungguhake ing lampit lan dikurungi
kurungan jago. Ing jero kurungan dicepaki ubarampe wong urip kang diwadhahi
tampah kayata : beras kuning, dhuwit, jungkat, kaca, pari, potelot, lan
sapiturute. Bocah mau diajab jupuk salah siji saka uba rampe mau, jare apa kang
dipilih mau sing dadi gambarane apa kang bakal dumadi ing wektu dewasa.
5. Udhik-Udhik
Udhik-udhik
yaiku nyebar beras kuning karo dhuwit kang ana tampah mau, minangka tandha amal
lan sedekah.
6. Ubarampe
Kembang
setaman, sapu gerang, lan piranti sanguning wong urip.
7. Sesaji
Kang
pungkasan awujud tumpeng. Upacara tedhak Siti ancase kanggo ngenalake bocah
marang alam lingkungan kang bakale kanggo urip.
Rabu, 10 Desember 2014
PARIBASAN, PARIKAN, SALOKA, ISBAT, LAN WASITA ADI
PARIBASAN
Paribasan
yaiku unen-unen kang wis gumathuk racikane lan mawa teges tertemtu. Dhapukaning
paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (Frase), lan kalebu basa
pinthuk. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathuk, lumrahe
ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karepan kinandhut
ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: Tetandhingan, pepindhahan, utawa
pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa,
utawa sesambungane manungsa lan alam uripe.
Tuladha :
1. Adigang,
adigung, adiguna : aja ngandhalake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinteran
2. Ana
catus mungkur : ora gelem
ngrungakake rerasan ora becik
3. Aji
godhong garing : wia ora ana
ajine babar pisan
4. Anak
polah bapa kepradah : wong kang ora
bisa nyimpen wewadi
5. Belo
melu seton : melu kumpul nanging ora
ngerti apa kang dirembug
PARIKAN
Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong
ukara. Ukara sepisan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindhon minangka isi.
Parikan iku kaya pantun nanging bwong rong larik, parikan migunakake
purwakanthi guru swara
Paugerab utawa pathokane
parikan, cacahing wanda kapisan, kudu padhah karo ukara kapindho. Ukara sing
ngarep kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi, wos. Tibaning ukara
kang kapisan ,kudhu padha karo ukara sing kapindho. Parikane bisa dumadi saka
rong gatra utawa patang gatra.
Tuladha :
1.
Pitik blorok, manak siji.
Jare kapok, malah ndadi
2.
Nyangking ember, kiwa
tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
3.
Plesir sore, dina ahad.
Naksir kowe, kakeyan ragat.
4.
Plesir sore, dina minggu.
Naksir kowe ora kewetu.
SALOKA
Saloka
yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar, ngemu surasa pepindhan.
Nanging kang dipindhahake uwonge.
Tuladha :
1. Gajang
ngidak rapah : wong kang
nglanggar wewalere dhewe
2. Sumur
lumaku tinimba : wong kang
kumudu-kudu dijaluki warah
3. Lahan
korban manis : wong bagus utawa
bagus rupane tur becik bebudine
ISBAT
Yaiku
unen-unen kang ajeg panggonane lan mawa surasa tertemtu. Isbat awujud
racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu “pasemon”.
Tembung isbat tegese “katetepan”. Isbat saemper paribasan, tegese lumereg
marang filsafat (mbok menawa luwih trep “falsafah”) lan pasemon. Lumrahe
dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat
utawa falsafah kejawen, utawa ideologi “sangkan parang”.
Tuladha :
1. Awang-awang
uwung-uwung : alam kekosongan
2. Sunyaruri
bumi kapetha sak njeroning siti : Bumi kang kekubur ing jero lemah
3. Wong
cina landha kari sejodho : wong cina lan landha urip bebarengan
WASITA ADI
Yaiku
unen-unen kang ajeg panganggone. Ora tetembungane mawa teges entar.
Tuladha :
1.
Nggepuk kemiri : gawean gampang (pekerjaan mudah).
2.
Kempladheyan ngejak sempal : sedhulur ngajak susah (saudara ngajak
susah).
3.
Ora keris ora keras : wong mlarat nanging merwabawani (orang
miskin tetapi berwibawa).
4.
Kethek setanggon : bebarengan tumindak ala (bersama-sama melakukan
hal yang tidak baik).
Langganan:
Postingan (Atom)