Minggu, 30 November 2014

Wacana

GODHONG KATES


Godhong kates rasane pait nyethek. Yen dideplok, diperes sarine, diombe kena kanggo tamba lara wetenglan lara panas. Panaliten marang godhong kates sing keri dhewe mratelakake yen godhong kates bisa ngudhunake tekanan darah tinggi. Dadi yen duwe penyakit hipertensi, kudu kerep lawuh godhong kates.

Godhong kates sanajan rasane pait nanging ngandhut vitamin A lan C cukup akeh. Supaya vitamin ora ilang, yen ngolah godhong kates aja digangsa nganggo geni kang panas. Cukup digodhog nanging aja kesuwen. Ngolah godhong kates nalika isih seger, lagi methik. Amarga yen wis alum vitamine suda.

Godhong kates ngandhung kalsium, fosfor, besi, vitamin A, vitamin B1, vitamin C, protein, lan serat. Serat becik kanggo nglancarake pencernakan. Godhong kates ngandhut lemak tak jenuh cukup mula bisa ngedhunake kadhar kolesterol.